Selasa, 26 April 2011

SERAT GATHÖLÖCÖ

SERAT GATHÖLÖCÖ
(Saduran bebas dari sumber: Alang-alang Kumitir)
o = nglegeno, ö = taling tarung, dh = aksoro 12, th = aksoro 19
————————————————————————————————–
Prono putek kapetek ngranuhi wiyoganing batos raosing tyas karaos kekese, taman bangkit upami nyelaki rudah gung prihatin nalongso kalangkung. Jroning kingkin sinalamur nulis serat Gathölöcö, cipteng nolo ngupoyo lejare tar len muhung mrih ayeming galih ywo kalatur sedih minongko panglipur.
Kang kinaryo bebukaning rawi Rejosari pondok, wonten kyai jumeneng gurune, tigo pisan wasis muruk ngilmi, katah poro santri kapencut maguru. Bakdo subuh wau tigo kyai rujuk casnyo condong. Guru tigo ngrasuk busanane, arso linggar sadoyo miranti, duk wanci byar enjing sareng angkatipun. Murid nenem umiring tut wuri, samyo anggegendhong, kang ginendhong kitab sadayane, gunggung kitab kawan likur iji. Ciptaning panggalih tuwi mitranipun, ingkang ugi dadyo guru santri ing Cepekan pondok, Kyai Hasan Besari namane, wus misuwur yen limpad pribadi, putus sagung ngilmi, pro guru maguru. Datan wonten ingkang animbangi, pinunjul kinaot, langkung ageng pondhokan santrine. Krono saking kathahipun murid, ujaring pawarti pinten-pinten atus.
Amangsuli kang lagyo lumaris, sadoyo mangulon, sepi mendung sumilak langite. Soyo siyang lampahnyo wus tebih, sunaring hyang rawi sanget benteripun. Marmo reren sapinggiring margi ngandhap wringin ayom. Ayem samyo anjereng kacune, tinamakken ayoming waringin, pan kinaryo linggih jengkeng semu timpuh. Ecisira cinublesken siti, murid sami lungguh, munggeng angarso ajejer lungguhe, kasiliring samirono ngidid, pating clumik muji, tesbehnya den etung. Murid nenem ambelani muji, dikir lenggak-lenggok, manggut-manggut sirah gedeg-gedeg, dereng dangu nulyo aningal mring sayugo nyanmi, lir dhandhang lumaku.
Endek cilik remane barintik tur aburik, wau rainiro ciri kero ing mripate alis barungut tepung, irung sunthi cangkeme nguplik, waja gingsul tur pethak, lambe kandel biru janggut göleng semu nyenthang, pipi klungsur kupingiro anjepiping, gulu panggel tur cendak. Pundhak brojol semune angempis, punang asto cendak tur kuwogo. Ting carentik darijine, alekik dadanipun, weteng bekel bokongnyo cantik semu ekor dengkulnyo, lampahipun impur, kulit ambesisik mangkak, ambengkerok napasiro kempas-kempis, sajak lesu kewolo.
Bedudane pring tutul kinisik, apan blorok kuninge semu bang, asungsun tigo pöntange, bongkot tengah lan pucuk, timah budheng ingkang kinardi, cupak ireng tur tuwo, gripis nyenyepipun, meleng-meleng semu nglengo, labet saking kenging kukus saben ari, pangoturik den asto. Kandutane klelet gangsal glinding, alon lenggah caket Guru tigo, sarwi angempos napase, kapyarso senguk-senguk, gandaniro prengus asangit, tumanduk mring panggenan, santri ingkang lungguh, Gathölöcö ngambil sigro, kandutane tegesan kang aneng kendhit, gyo nitik karyo bromo. Nulyo udut kebulyo ngebuli, poro santri kawratan sedoyo, asengak sanget sangite, murid nenem tumungkul, mergo sarwi atutup rai, saweneh mithes grono, kang saweneh watuk, mingser saking palenggahan, samyo pindhah neng wurine guruneki, nyingkiri punang gondo.
Guru tiga waspodho ningali, mring wujudyo ingkang lagyo prapto, kawuryan mesum ulate, sareng deniro nyebut, “astagafiru’llah hal ‘adzim, dubi’llah minas saiton, ilaha la’llahu lah iku manungso opo, salawase urip aneng dunyo iki, ingsun durung tumingal”.
Janmo ingkang rupane kadyeki, sarwi nöleh ngandiko mring sabat, “podho tingalono kuwe, manungso kurang wuruk, datan weruh sakehing nabi, neng dunyo wus ciloko, iku durung besuk, sinikso aneng acherat, tikel sewu siksane neng dunyo kuwi, mulane wekasingwang.”
“Ingkang petel sinauwo ngaji, amrih weruh syara’ Rasulu’llah, slamet dunyo akherate, sopo kang nedyo manut, ing syari’at Andika’ Nabi, mesti oleh kamulyan, sopo kang tan manut, bakale nemu ciloko”, Ahmad ‘Arif mangkono deniro eling, “Janmo iku sunkiro. dudu anak manungso sayekti, anak belis setan brekasakan, turune memedi wewe,” Gathölöcö duk ngrungu, den wastani yen anak belis, langkung sakit manahnyo, nanging tan kawetu ngungkapi gembolaniro, kleletipun sajebug sigro ingambil, den untal babar pisan. Pan sakolo endeme mratani, mrasuk badan kulit dagingiro, ludiro otot bayune, balung kalawan sungsum, kekiyatan sadoyo pulih, kawistoro njrebabak, cahyanipun santun. Guru tiga wrin waspodo, samyo eram tyasnyo gunggun tan andugi, pratingkah kang mangkönö.
Abdu’l Jabar ngucap mring Mad ‘Arif: “Lah to moro age takonono, opo kang den untal kuwe? Lan sopo aranipun, sarto maneh wismane ngendi? Opo panggotaniro, ing sadinanipun lan opo tan adus töyo, salawase dene awake mbasisik, janmo iku sun kiro öra ngreti nyoro’ lawan sirik, najis mekruh batal lawan haram, mung nganggö senenge dhewe, sanajan iwak asu, daging celeng utawa babi, angger döyan pinangan, öra nduwe gigu, tan pisan wedi duroko.”
Ahmad Arif mrepeki gyo muwus aris, “Wong olo ingsun tanyo?”
“Lah to sopo araniro yekti, sarto maneh ngendi wismaniro?” kang tinannyo lon saure. “Gathölöcö aranku, ingsun janmo lanang sajati, omahku tengah jagad”, Guru tigo ngrungu, sareng denyo latah-latah.
“Bedhes busyet aran nöra lumrah janmi, jenengmu iku haram.”
Gathölöcö ngucap tanyo aris, “Dene siro podho latah-latah, anggeguyu opo kuwe?”
Kyai Guru sumaur: “Krono saking tyasingsun geli, gumun mring jenengiro.”
Gathölöcö muwus, ing mongko jeneng utomo, gathö iku tegese sirah kang wadi, löcö pranti gösökan.
“Marmo kabeh podho sun-lilani, sakarsane ngundang marang ingwang, yekti sun-sauri bae. Tetelu araningsun, kang sawiji Barang kinisik, siji Barang panglusan, nanging kang misuwur, monco pat monco lelimo, iyo iku Gathölöcö aran-mami, prasojo tondho priyo.”
Kyai Guru mangsuli “Tan becik, jenengiro iku luwih olo, jalaran banget sarune, haram, najis lan mekruh, iku jeneng anyilakani, jeneng dadi duroko, jeneng öra patut, wus kasebut jroning kitab, nyirik haram yen mati munggah suwargi, kang haram manjing nroko.”
Gathölöcö menjep ngiwi-iwi, gyo gumujeng nyawang Guru tigo, sarwi mangkönö ujare, “Syara’ira kang kliru, sopo biso angelus wadi, yekti janmo utomo, iku apesipun priyayi kang lungguh demang, myang panewu wadono klawan bupati, liyane ora biso.
Rehning ingsun tan dadi priyayi, mung jenengku jeneng wadi mulyo, supoyo turunku tembe, dadi priyayi agung,”
‘Abdu’ljabar angucap bengis: “Dhapurmu koyo luwak, nganggö siro ngaku, lamun sajatine lanang.”
Gathölöcö gumujeng alon nyauri: “Ucapku nora salah. Ingsun ngaku wong lanang sajati, boso lanang sajati temenan, wadiku opo dapure, sajati tegesipun, ingsun urip tan nedyo mati,”
Guru tiga angucap: “Dhapurmu lir antu, sajege tan kambon töyo,”
Gathölöcö macucu nulyo mangsuli: “Ewuh kinaryo siram. Upamane ingsun adus warih, badaningsun wus kaisen töyo, kalamun adus genine, jro badan isi latu, yen resiko sun-gosok siti, asline saking lemah, sun-dusono lesus, badanku sumber maruto, tudhuhno kinaryo adus punapi?”
Ujarnyo Guru tiga: “Asal banyu yekti adus warih, dimen suci iku badaniro.”
Gathölöcö sru saure: “Siro santri tan urus, yen suciyo sarono warih, sun kungkum sangang wulan, ora kulak kawruh, satemene bae iyo, ingsun adus tirto tekad suci ening, ing tyas datan kawöran. Bongso salah kang kalebu ciri, iyo iku adusing manungso, ingkang sabener-benere.”
Kyai Guru sumaur: “Wong dapure lir kirik gering, sopo ingkang pracoyo, nduwe pikir jujur, siro iku ingsun-dugo, ora nduwe batal haram mekruh najis, weruhmu amung halal.
Najan arak iwak celeng babi, angger döyan mesti siro-pangan, öra wedi durakane.” Gathölöcö sumaur: “Iku bener tan nganggö sisip koyo pambatangiro, najan iwak asu, sun-titik asale purwo lamun becik tan dadi seriking janmi, nadyan babi celengo, ngingu dhewe awit saking cilik, sopo ingkang wani nggugat mring wang halale ngungkuli cempe. Sanadyan iwak wedhus, yen asale srono tan becik haram, lir iwak söna, nadyan babi iku, tinilik kawitaniro, yen purwane ngingu dhewe awit genjik, luwih saking mendo.
Nadyan wedhus nanging nggonmu maling, luwih babi iku haramiro, nadyan mangan iwak celeng, lamun asale jujur, mburu dhewe marang wonodri, dudu celeng cölöngan, halale kalangkung sanadyan iwak maeso.”
“Yen cölöngan luwih haram saking babi,” ujarnya Guru tigo, “luwih halal padune si belis, pantes temen uripmu ciloko, kamlaratan salawase, tan duwe beras pantun, sandhangane pating saluwir, kabeh amoh gombalan, sajege tumuwuh, öra tau mangan enak, öra tau ngrasakake legi gurih, kuru tan darbe wismo.”
Gathölöcö ngucap anyauri: “Ingkang sugih sandhang lawan pangan pirang keti mömöhane, kalawan pirang tumpuk, najis ingkang siro-simpeni?”
Guru tiga duk myarso, gumuyu angguguk: “Sandhangan ingkang wus rusak, awor lemah najisku kang tibeng bumi, kabeh wus awor kismo.”
Gathölöcö anyauri malih: “Yen mangkönö isih lumrah janmo, öra kinaot arane, bedo kalawan ingsun, kabeh iki isining bumi, sakurebing angkoso dadi darbekingsun, kang anyar sarwo gumebyar, sun-kon nganggö marang sanak-sanak-mami, ngon trimo nganggo olo.
Apan ingsun trima nganggö iki. Pepanganan ingkang enak-enak, kang legi gurih rasane, pedhes asin sadarum, sun-kon mangan mring sagung janmi, ingkang sinipat gesang, dene ingsun amung, ngawruhi sadina-dina, sun-tulisi sastrane salikur iji, sun simpen jroning manah. Ingsun dhewe mangan saben ari, ingsung milih ingkang luwih panas, sarta ingkang pait dhewe, najise dadi gunung, kabeh gunung ingkang kaeksi, mulane kang bawono, podho metu kukus, tumuse geni sun-pangan, ingkang dadi padhas watu lawan curi, klelet ingkang sun-pangan. Sadurunge ingsun ngising najis, gunung iku yekti durung ono, benjang bakal sirno maneh, lamun ingsun wus mantun, ngising tai metu teka silit, titenono kewolo, iki tuturingsun?”
Guru tiga duk miyarso, gyo micoro astane sarwi nudhingi: “:Layak kuru tan pokro.”
Gathölöcö sigro anyauri: “Milo ingsun kurune kalintang, krono nurut mring karsane, Gusti Njeng Nabi Rasul. Saben ari ingsun turuti, tindak menyang ngepaken, awan söre esuk, mundhut candu lawan madat, dipun dhahar kalawan dipun obongi. Allah kang paring wikan. Kanjeng Rasul yen tan den turuti, muring-muring banget anggone duko, sarto banget panyiksane, ingsun tan biso turu.”
Guru tiga samyo nyauri: “Mung lagi tataniro, Kanjeng Nabi Rasul karso tindak mring ngepaken, Kangjeng Rasul pepundhene wong sabumi, aneng nagoro Mekah?”
Gathölöcö anyauri aris: “Rasul Mekah ingkang siro-sembah, öra nono ing wujude, wus sedo sewu taun, panggonane ing tanah ‘Arbi, lelakon pitung wulan, tur kadangan laut, mung kari kubur kewala, sira sembah jungkar-jungkir saben ari, opo biso tumeka?
Sembahiro dadi tanpo kardi, luwih siyo marang raganiro, tan nembah Rasule dhewe, siyo marang uripmu, nembah Rasul jabaning dhiri, kabeh sabangsaniro, iku nöra urus, nyebut Allah siyo-siyo, pating brengok Allah öra kober guling, kabebregen suworo.
Rasulu’llah sedo sewu warsi, siro-bengok saking wismo-niro, mbok kongsi modot gulune, moso biso karungu, tiwas kesel tur tanpo kasil.”
Guru tiga angucap: “Ujare cocotmu, layak mesum öra lumrah, anyampahi pepundhene wong sabumi.”
Gathölöcö manyabdo: “Bener mesum saking susah-mami, kadunungan barang ingkang gelap, awit cilik tekeng mangke, kewuhan jawab-ingsun, yen konangan ingkang darbeni, supaya biso luwar, ingsun njaluk rembug, kapriye bisane jawab, aywo nganti keno ukum awak-mami.”
Guru tiga miyarso: “Asru ngucap nyoto sira maling, öra pantes rembugan lan ingwang. Siro iku wong munapek, duroko ing Hyang Agung, lamun ingsun gelem mulangi, pakartine dursilo mring panjawabipun, öra wurung katularan, nadyan ingsun datan angklakoni maling, yen gelem mulangono. Nalar bangsat paturane maling, yekti dadi melu keno sikso.”
Gathölöcö pamuwuse: “Yen sireku tan purun, amulangi mring jawab maling, ayö podho cangkriman, nanging pamitengsun, badhenen ingkang sanyoto, lamun siro telu pisan tan mangreti, guru tanpo paedah”.
Kyai Guru samyo anyauri: “Moro age saiki pasalno, cangkrimane koyo priye, maniro arso ngrungu. Yen wus ngrungu sayekti bangkit, moso bakal luputo. Ucapno den gupuh, angajak cangriman opo, sun-batange dimen podho den sekseni, santri murid nöm-nöman.”
Gathölöcö nulyo ngucap: “Dalang, wayang, lawan kelir, balencong, endi kang tuwo? Badhenen cangriman iki. Yen siro nyoto wasis, mesti weruh ingkang sepuh.”
Ahmad ‘Arif ambatang: “Kelir kang tuwo pribadi, sadurunge ono dhalang miwah wayang. Balencong durung pinasang, kelir ingkang wujud ddingin, wus jumeneng keblat-papat, ngisor tengah lawan nginggil, milo tuwo pribadhi.”
‘Abdul Jabar asru muwus: “Heh Ahmad ‘Arif salah, pambatangmu iku sisip, panemuku tuwa dhewe kaki dhalang. Anane kelir lan wayang, kang masang balencong sami, wayang gaweyane dhalang, mulane tuwo pribadhi, tan ono kang madhani. Anane dhalang puniku, ingkang karyo lampahan, nyritakake olo becik, asor unggul tan liyo saking ki dhalang.”
Nulya Kyai ‘Abdulmanap, nyambungi wacono aris: “Karö pisan iki salah, podho ugo durung ngerti, datan biso mrantasi, tur remeh kewolo iku, mung nalar luwih gampang, öra susah nganggö mikir, sun ngarani tuwo dhewe wayangiro. Upomo wong nanggap wayang, isih kurang telung sasi, dhalange pan durung ono, panggonanane durung dadi, wus ngucap nanggap ringgit, tutur mitra karuhipun, sun arso nanggap wayang, öra ngucap nanggap kelir, öra ngucap nanggap balencong lan dhalang. Wus mupakat janmo katah, kang tinanggap apan ringgit, durung poyo-poyo gotro, wus muni ananggap ringgit, milo tuwo pribadhi.”
Gathölöcö alon muwus: “‘Abdul Jabar Dulmanap, tanapi si Ahmad ‘Arif, telu pisan pambatange podho salah. Batanganing cangkriman kang bener:
Yen mungguh pametekingwang, balencong tuwo pribadhi, sanadyan kelir pinasang, gamelan wus miranti, dhalang wiyaga linggih, yen maksih peteng nggenipun, sayekti durung biso, dhalange anampik milih, nyritakake sawiji-wijining wayang. Kang nonton tan ono wikan, marang warnaniro ringgit, margane isih petengan. Öra kena den tingali. Yen balencong wus urip, kanthar-kanthar katon murub, kelire kawistoro ing ngandhap miwah ing nginggil, kanan kering Pandhawa miwah Kurawa. Ki dhalang neng ngisor damar, bisa nampik lawan milih, nimbang gedhe cilikiro, tumrap marang siji-siji, watake kabeh ringgit, pinates pangucapipun, awit pitudhuhiro, balencong ingkang madhangi, pramilane balencong kang luwih tuwo. Dene unining gamelan, wayange kang den gameli, dhalange mung darma ngucap, si wayang kang darbe uni, prayögo gedhe cilik, manut marang dhalangipun, sinigeg gongso iko, kaki dhalang masesani, nanging darmo ngucap molahake wayang parentahe ingkang nanggap. Ingkang aran Kyai Sepi, boso sepi tanpo ono, anane ginelar yekti, langgeng tan öwah gingsir, tanpo kurang tanpo wuwuh, tanpo reh tanpo guno. Ingkang luwih masesani, ing sölahe wayang ucape ki dhalang.
Ingkang mesti nglakonono, ingkang olo ingkang becik, kang nonton mung ingkang nanggap. Yeku aran Kyai Urip, yen damare wus mati, kabeh iku dadi suwung, tan ono opo-opo, lir ingsun duk durung lair, tetap suwung öra ono siji opo. Boso kelir iku rogo, wayange Suksmo sajati, dhalange Rasul Muchammad, balencong Wahyune Urip, iku upama Widdhi, cahyane urip puniku, nyrambahi badhaniro, njobo njero ngandhap nginggil wujudiro, wujude Allah kang murbo. Yen wayang mari tinanggap, wayange kalawan kelir, sinimpen sajroning kothak, balencong pisah lan kelir, dhalang pisah lan ringgit, marang ngendi paranipun, sirnane blencong wayang, upayanen den kepanggih, yen tan weruh sira urip kaya reco. Benjang yen siro palastro, uripmu ono ing ngendi? Saikine siro gesang, patimu ono ing ngendi? Uripmu bakal mati, pati nggowo urip iku, ing ngendi kuburiro? Siro-gowo wira-wiri, tudhuhno dununge panggonaniro?”
Guru tigo duk miyarso, anyentak sarwi macicil: “Rembug gunem ujariro, iku öra lumrah janmi.”
Gatoloco nyauri: “Dhasar sun-karepken iku, ojo lumrah wong kathah, ngungkulono mring sasami, öra trimo duwe kawruh koyo siro. Santri podho ambek lintah, öra duwe moto kuping, anggere amis kewolo, cinucap nganti malenti, öra ngreti yen getih, gandane amis tur arus, kiniro madumongso. Yen wus wareg mangan getih, amalengker tan metu nganti sawarso. Wekasan kaliru tompo, tan weruh temah ndurakani, manut kitab mengkap-mengkap, manut dalil tanpo misil, amung ginawe kasil, sinisil ing rasanipun, roso ni’mating ilat, lan rasane langen resmi, rasaniro ing kawruh öra tinoso. Tetep urip tanpo moto, matamu moto söco pring, matamu tanpo paedah, matamu tan migunani.”
Kyai Guru mangsuli, muring-muring asru muwus: “Opo siro tan wikan mring mataku lörö iki.”
Gathölöcö sinaur: “Sireku bejo. Dene podo duwe moto, lörö-lörö guru siji, opo siro wani sumpah, yen duwe moto kekalih?”
Guru tigo nyauri: “Dasar sayektine ingsun tetelo duwe moto, tetep lörö moto-mami.”
Gathölöcö gumujeng sarwi anyentak: “Sireku wani gumampang, sayekti balak bilahi, ngaku dudu mataniro, sun-lapurken pulisi, mesthine den taleni, angaku lörö matamu. Yen nyoto mataniro, konen gilir genti-genti, prentahono siji melek siji nendro. Dadi salawasmu gesang, ora keno dimalingi.”
Guru tigo samya ngucap: “Endi ono moto gilir?”
Gathölöcö nyauri: “Tandane nyoto matamu siro wenang maseso, saprentahmu den turuti. Yen tan manut yekti dudu mataniro.”
Guru tiga samyo möjar: “Aku wani sumpah yekti, awit cilik prapteng tuwo, tan pisah lan rai-mami.”
Gathölöcö mangsuli: “Dene-siro wani ngaku, matamu öra pisah, moto olehmu ing ngendi? Opo tuku, opo gawe, opo nyelang? Opo siro winewehan? Iyo sopo kang menehi? Kalawan saksine sopo? Dino opo aneng ngendi?”
Guru tigo miyarsi, dheleg-dheleg datan muwus, wasono samyo ngucap: “Gaweyane bopo bibi.”
Gathölöcö gumuyu alatah-latah: “Kiraku wong-tuwaniro, lörö pisan podho mukir, karöne öra rumongso gawe irung moto kuping, lanang wadon mung sami, ngrasakake ni’matipun, iku dadyo jalaran wujude ragamu kuwi. Öra nedyo gawe rambut kuping moto.”
Guru tiga nulyo möjar: “Allah Ingkang Moho Suci, ingkang karyo-raganingwang.” Gathölöcö anyauri: “Prenah opo sireki, kalawan Kang Moho Luhur, dene to pinaringan, moto lörö kanan-kering, telu pisan pinaringan grono lesan?”
Guru tiga sauriro: “Katrimo pamuji-mami.”
Gathölöcö asru nyentak: “Pujimu pujining Widdhi, siro öra nduweni, marang pangucap sadarum, iku ucaping Allah, yen mangkono siro maling, wani-wani kadunungan barang gelap. Yen tan biso ndunungno kajedhegan ingkang dhiri mestine dadi sakitan. Öra keno siro mukir melokke wus pinanggih, teko ngendi asalipun. Yen asale tan wikan, mataniro lörö kuwi, öra kena angukuhi mataniro. Sakehing reh lakonono, yen tan manut sun-gitiki, jalaran siro wus salah, kajedhegan siro maling. Lah iku duwek-mami siro-anggo tanpo urus. Saikine balekno, ilange duk jaman gaib, ingsun-simpen ono satengahing jagad.
Saksine si wujud ma’no, cirine rino lan wengi, ingsun-rebut tanpo ono. Saiki lagyo pinanggih. Siro ingkang nyimpeni, santri podho tanpo urus. Yen siro tan ngulungno, sun-lapurake pulisi. Öra wurung munggah ing rad pengadilan. Mesti siro kökum pekso, yen wengi turu ning buwi, lamun rino nyambut karyo. Saben bengi den kandhangi. Bedo kalawan salawase nggon tumuwuh, sadurunge tumindak, ingkang dadyo sedyo-mami agal alus kasar lembut ingsun-nalar. Murih ojo dadi salah.”
Ahmad ‘Arif anyauri: “Guneman karö wong edan.”
Gathölöcö amangsuli: “Edanku awit cilik, kongsi mangke prapteng umur, ingsun tan biso waras, saben dino öwah gingsir, nampik milih panganan kang enak-enak. Panganggö kang sarwo endah. Ingsun edan urut margi, nurut margane kamulyan.”
‘Abdul’jabar muring-muring, astu sumaur bengis: “Rembugan lan asu buntung.” Gathölöcö angucap: “Bener olehmu ngarani, sakrabatku bopo kaki buyut canggah.
Dhasare buntung sadoyo, tan ono buntut sawiji. Boso asu ma’no asal buntut iku wus ngarani. Ingsun jinising janmi öra buntut lir awakmu. Balik siro wong opo? Siro gundhul anjedhindhil, opp Londo opo Ködyo opo Cino? Opo siro wong Benggolo?”
Guru tigo anyauri: “Ingsun iki bangso Jowo, Muchammad agomo-mami.”
Gathölöcö nyauri: “Siro wong kapir satuhu, Kristen agamaniro. Lamun siro bongso Jawi dene siro tan nyebut Dewa Bathoro. Agomo Rasul Muchammad, agamane wong ing ‘Arbi. Siro nyebut liyo bongso, tegese sinipat kapir, tan sebutmu pribadi. Anggawe rusak uripmu. Mulane tanah Jowo, kabawah mring liyo jinis, krono rusak agamane kuno-kuno.
Wiwit biyen jaman Purwo, Pajajaran Mojopahit, wong Jowo agama Buddho. Jaman Demak iku salin, nyebut Rasulu’llahi, sebute wong ‘Arab iku. Saiki siro-tular, anilar agomo lami, tegesiro iku Kristen bongso ‘Arab.”
Guru tigo duk miyarso, sru nyentak sarwi nudhingi: “Gathölöcö siro gilo.”
Gathölöcö anyauri: “Ingsun gilo sayekti, yen weruh koyo dhapurmu. Wedi mbok katularan. Öra duwe moto kuping, kawruhiro amung jakat lawan pitrah.”
Kyai Guru tigo pisan, tyasnya runtik anyauri: “Nyoto siro anak jalang.”
Gathölöcö amangsuli: “Iku bener tan sisip, bopo biyung kaki buyut, kabeh keno ing pejah, lamun wis tumekeng janji. Yekti mulih mring asale podho ilang. Kiraku manowo siro metu saking reco wesi, dene wujud tanpo nyowo. Siro öra duwe budhi.”
Kyai Guru nyauri samyo misuh: “T**uk biyangamu.”
Gathölöcö angucap: “Iku banget trimo-mami, krono siro telu pisan misuh mring wang.
Siro nudhuhake biyang, ingsun iki tan udani, duk lair saking wadonan, amung ingkang sun-gugoni, wong tonggo kanan kering, bopo biyang ingkang ngaku, nganakake maring wang, iku ingkang sun-sungkemi, nanging batin ingsun öra wani sumpah.
Iyo iku bopo biyang, ingkang weruh lair-mami, saikine siro biso nudhuhake biyang-mami, wismane ono ngendi? Lawan sopo aranipun? Ombo-ciyute piro, duweke wong tuwo-mami? Yen tau weruh iku ujar ambelasar. Krono ingsun nöra wikan, wujude ingsun saiki, mujud dhewe tanpo lawan. Allah öra karyo mami. Anane rogo-mami, gaweyaniro Hyang Agung, duk aneng ’alam dunyo, ono satengahing bumi. Lawan siro kolo karyo raganiro, sawindu lawan sawarso. Rölas wulan pitung ari, pendhak pasar ratri siyang, saejam sawidak menit, öra kurang tan luwih. Wukune mung telung puluh, raganingsun duk dadyo, sarto wus wani nyampahi, wruhaningsun sanajan saiki ugo.
Badanku keno ing rusak, urip-mami wangawuhi, saöbah-ösiking badan, Rasulu’llah andandani, krono ingsun kekasih, kinaryo Pangeraningsun, marang sagunging sipat, nggesangaken saliring tunggil, iyo Ingsun iyo Allah yo Muchammad.”
Guru tiga asru möjar: “Siro wani angakoni, tunggal wujud lan Pangeran? Opo kuwasamu kuwi?”
Gatoloco nyauri: “Ngrawuhi dadine lebur, kalawan peparengan, karsane Kang Moho Suci. Ingsun dhewe tan kuwoso opo-opo. Ragengsun wujuding Suksmo, angawruhi ing Hyang Widdhi, tumindak karsaniro Hyang, aweh mösik liyo mami, Muchammad kang nduweni, pangucap paningalingsun, panggondo pamiyarso, dene lesan lawan dhiri, kabeh iku kagungane Rasulu’llah. Ingsun öra opo-opo, mung pangroso duwek-mami, iku yen ono sihing Hyang, yen tan ono sihing Widdhi, duwekingsun mung sepi, boso sepi iku suwung, tan ono opo-opo, lir ingsun duk durung dadi, tetep suwung öra weruh siji opo.”
‘Abdul-jabar nulyo möjar: Siro iku angakoni, wujudmu wujuding Suksmo, ing mongko ragamu kuwi, keno rusak bilahi, öra langgeng siro wutuh.”
Gathölöcö angucap: “Ingkang rusak iku bumi, kalimputan wujud-mami lan Pangeran.
Ingsun Ingkang Moho Mulya, tan keno rusak bilahi, ingkang langgeng swargo mulyo.” Kyai Guru anyanuri: “Yen mangkönö sireki, weruh pestine Hyang Agung, kang durung kalampahan.”
Gathölöcö anyauri: “Weruh pisan pestine mring raganingwang. Ingsun-pesti awakingwang, wayah iki dino iki, jejagöngan lawan siro. Mengkö gawe pesti maning, kang durung den lakoni, kanggone mengkö lan besuk. Supoyo ojo salah, dadi öra kurang luwih. Lamun salah ngrusak buku sastro ongko. Kalawan ngrusak gulungan, iku banget wedi-mami, wedi manawa dinukan, marang ingkang juru-tulis, mulane ngati-ati, gawe pesti ojo kliru.”
Kyai Guru angucap: “Kang durung sira-lakoni, bejo sarto cilakamu besuk opo? Aneng ngendi kuburiro?”
Gathölöcö anyauri: “Kuburan wus ingsun-gowo, saben dino urip-mami, kalawan ngudaneni, ning sawates umuringsun, kalamun parek ‘ajal, sajroning rölas jam mami, lagyo milih dino sarto wayahiro. Yen gawe pesti samangkyo papestene awak-mami, mbok manowo luwih kurang, susah anggoleki pesti, becike saben lawan ari, anggawe papesthen iku, manut senenging driyo, dadi öra kurang luwih, öra angel öra cidro ing semoyo.”
Kyai ‘Abdu’ljabar ngucap: “Pestine marang Hyang Widdhi, ingkang durung kalampahan?”
Gatoloco anyauri: “Iku pestening Widdhi, dudu pesti saking ingsun, Allahku saben dino, anggawe papesten-mami, anuruti marang kabeh karsaningwang.”
Guru tiga sareng ngucap: “Gathölöcö, siro iki nyoto kasurupan setan.”
Gathölöcö anyauri: “Bener pan öra sisip, kolo ingsun dereng wujud, ono ing ‘alam samar, tumeko ing jaman mangkin, setaningsun durung pisah saking rogo. Boso setan iku seto. Asaling bibit sakalir, wujudingsun duk ing kuno. Puniko asale putih, lamun durung mangreti, iyo iku asal-ingsun. Purwo saking sudarmo, tumeko kalamu’llahi. Sayektine ingsun asal komo pethak. Menek guru telu siro komo ireng ingkang dadi. Dene buntet tanpo nalar.”
‘Abdu’lmanap duk miyarsi, möjar mring Ahmad ‘Arif, ‘Abdu’ljabar: “Yen sarujuk, wong iki pinatenan. Lamun maksih awet urip, ora wurung ngrusak syara’ Rasulu’llah.
Iku wong mbubrah agomo, akaryo sepining masjid.”
Gathölöcö asru ngucap: “Den enggal nyunduk mring mami. Sapisan nyunduk jisim, pindö batang siro-sunduk. Yo ingsun utang opo, arso mateni mring mami. Saurira mung lego rasaning driyo.”
“Krono siro ngrusak syara’.”
Gathölöcö anyauri: “Syara’ tan keno rinusak, pinesti dening Hyang Widdhi. Syara’e, yen mangan lebokno silit, iku tetep aran janmo ngrusak syara’. Dene bangsane agomo, sasenengane wong ngaurip. Sanajan agomo Cino, lamun trus lair batin, yekti katrimo ugi.”
Guru telu: “Agamamu, iku agomo kopar. Agomoku ingkang suci, iyo iku kang aran agama roso. Tegese agomo roso, nuruti rasaning ati. Rasaning badan lan lesan. Iku kabeh sun-turuti. Rasaning legi gurih, pedes asin sepet kecut, pait getir sadoyo. Siro agomo punapi? Sauriro agamaku Rasulu’llah?”
Gathölöcö asru ngucap: “Patut siro tanpo budi. Aran ro puniko raras, sul usul, raras kang sepi sul, asal tegesneki mulane sireku kumprung.”
Guru tigo miyarso, sigro kesah tanpo pamit, sakancane garundelan urut margo. Sanget dennyo nguman-uman, Ahmad ‘Arif muwus aris: “‘Abdull-jabar ‘Abdul-manap, salawasku urip iki, ojo pisan-pisan panggih kalawan wong öra urus. Manungso tan weruh toto, jroning ngimpi ingsun sengit. Yen kapethuk sun mingkar tan sudi panggyo.”
Gathölöcö kang tinilar aneng ngisoring waringin rumoso yen menang bantah. Mangkono osiking galih: “Banget kepati-pati, angekul sameng tumuwuh, sun-kiro luwih mono pangrawuhe Guru santri. Dene iku isih bödhö kurang nalar. Durung podo durung timbang. Yen tinanding kawruh-mami, durung nganti ingsun-gelar, kawruhku kang luwih edi, prandene anglangani, kalah tan bisa samaur. Yen mangkono sun-kiro, ingkang muruk tanpo budi. Iku nyoto setan ingkang mindho janmo. Lamun wulange manungso, mesthine podho mangreti, mring dugo lawan prayögo. Aywo karem karyo serik. Mulane kudu eling. Eling marang Ingkang Asung. Asung urip kamulyan. Upayanen den kapanggih, yen pinanggih padhang terang sagang nalar. Yen padhang tegese gesang, lamun peteng iku mati. Janmo ingkang duwe nalar aran manungso sajati, yen luwih wus ngarani. Agal myang alus cinakup, tan koyo Guru tigo. Bödhöne kepati-pati, cupet kawruh peteng nalar ma’naniro.”
Gathölöcö gyo lumampah tetembangan urut margi: “Kebo bangkok upama, sapisan maning pinanggih, bibis alit ing tasik, öra mundur bantah kawruh, pelem gung mowo gondo, kawuk ingkang mindho warni, becik ingsun ngenteni lan uro-uro. Gude rambat puspo kresno, maniro pan isih wani, witing pari enthong palwo, öra nedyo kalah mami, araning wismo paksi, mungsuh siro guru pengung, parikan uler kambang, ingsun seneng bantah ilmi, welut wiso tininggal atiku gelo. Mendung pethak kunir pita, mugo-mugo temu maning. Tepi wastro rinumpoko, banjur podho maring ngendi, kayu rineko janmi, opo gölek guru jamhur. Sarkoro munggeng tolo, arso den adu lan mami, wadung remo malah sökur yen mangkönö. Jangkrik gung wismeng kebonan, manira öra gumingsir, bebasan putrane mendo, sak-karepe sun-ladeni, jamang wakul upami, angajak opo sireku, dhuh lae puter wismo, nganggo siro mejanani, kentang rambat sanajan rupaku olo. Menyawak kang sabeng töyo, prakara mung bantah ‘ilmi, wulu bauning kukila, kabeh nalar sun tan wedi, sayekti pinter mami, tinimbang lan siro guru. Koco tumraping netro, öra jamak mejanani, mulwo rengko yen siro luru saroyo. Kemadhuh rujit godhongnyo, aywo suwe sun-anteni, guru ngendi srayaniro najan jamhur luwih wasis, ingsun wani nandingi, angayoni bantah kawruh, moso ingsun munduro, yeku karsane Hyang Widdhi, raganingsun yektine darmo kewolo.
(kebo bangkok = sapi, bibis alit = undur-undur, pelem gung mowo gondo = kweni,
kawuk ingkang mindho warni = sliro, gude rambat = koro, puspo kresno = tlasih,
witing pari = dami, enthong palwo = welah, wismo paksi = susuh, uler kambang = lintah, welut wiso = ulo, medhung pethak = mego, kunir pito = temu, tepi wastro rinumpuk = kemodho, kayu rineko janmi = golek, sarkoro munggeng tolo = madu, wedung remo = cukur, jangkrik gung wismeng kebonan = gangsir, putrane mendo = cempe, jamang wangkul = wengku, puter wismo = doro, kenthang rambat = telo, menyawak kang sabeng töyo = sliro, wulu bahuning kukilo = elar, koco tumpraping netro = tismak, mulwo rengko = srikoyo, kemaduh rujit godhongnyo = rawe}
Gathölöcö sukeng driyo, rerepen alon lumaris miling-miling mung priyonggo, dumugi patopan mampir, manjing mring bambon linggih. Ngambil klelet kang kinandut, saglinding dipun until, ngrusak badan anyegeri, kraos gatel astane ngukur sariro.”
Kacarita ing Cepekan pondhok ageng panggenan santri ngaji, puniko sampun misuwur kawentar monco projo. Wonten Kyai pinunjul jumeneng Guru ‘Alim Jamhur tanpo samo, kang nomo Hasan Besari. Kajuworo yen ‘ulomo, milo unggul ginuron poro santri, muridipun tigang atus, ing wanci bakdo ‘isya’, wus sholat neng langgar ngaji sadarum. Kyai Guru arso mulang, kitab Pekih miwah Tafsir. Undo usuk warno-warno, wonten santri ingkang lagyo niteni. Ma’no lapal Kur’anipun, ngasil-ingasil iko, samyo taken-tinaken mring kancanipun. Wonten ingkang sampun paham, ngapalaken kitab Sitin.
Tanapi sagunging kitab, sasenenge santri sawiji-wiji, santri ingkang sampun putus, ing
ma’no lapal Kur’an, mencil-mencul madoni mring Kyai Guru ma’naniro, lapal Kur’an angambil sagunging misil, ingkang sampun kinawuhan. Kang saweneh ono santri pradondi, ing lapal ma’no puniko. Udreg paben grejegan. Santri kalih moro merak marang Guru, gyo kasaru tamu prapto, ‘Abdull Jabar ‘Ahmad Arif.
Miwah Kyai ‘Abdul Manap sabat nenem datan pisah tut wuri, sinauran salamipun, kang ngaji tutub kitab, tamu wau nulyo minggah nglanggar gupuh, apan samyo sesalaman, jawat tangan genti-genti. Sawustru sesalaman, sampun waroto sadoyo poro santri, munggeng langgar toto lungguh. Hasan Besari möjar: “Dene gati kados wonten karsanipun? Pukul pinten mangkatiro saking pondhok Rejasari?”
Angling Kyai ‘Abdul Jabar: “Bakdo subuh mangkat wanci byar enjing, milahipun ngantos dalu, kedangon wonten margo, mandeg bantah kawon mengsah tiyang kupur. Gathölöcö namaniro, dapure mboten mbejaji. Punika setan katingal anak belis ambekto wadung linggis, pan kinaryo ngrusak ngremuk ing syara’ Rasulu’llah, ingkang leres dipun wadung lemah putung. Yen pokah rebah binubrah, agami den obrak-abrik. Sadoyo syara’ tinerak, morak-marik sirik den orak-arik, amung nekad gasruh rusuh, jinawab mung sakecap, gulagepan kulo tan bangkit sumaur, sagung haram rinampasan ambubrah syara’ lan sirik. Wungkul akal mokal nakal, sanget ngrengkel ngungkil nyrekal methakil, sakeh kawruh kabarubuh, sagung pasal kasingsal, dalil-dalil katail ing misilipun, kulo mapan mung kasoran, kulo nyingkring boten mlangkring. Panggah bantah meksa kalah, boten betah isin den iwi-iwi, sakeh padu dipun buru, sakeh jawab tan menang, salin pisuh boten pasah soyo rusuh, malah munggah ngarah sirah, lir maling nedyo anjiling.
Kulo tansah kaungkulan, pijer kojur boten saged ngungkuh. Kulo-suwun mring Hyang Agung, salami-kulo gesang, sampun ngantos kepranggul tiyang kadyeku. Yen kapethuk kulo nyimpang, jejera kulo sumingkir. Manah-kulo sampun jinjo, krono saking kapok den iwi-iwi.”
Hasan Besari duk ngrungu, mring nalar kang mangkönö, sanaliko dennyo ngontor asru bendu, jojo bang mawingo-wingo, muring-muring wojo gathik. Netro andik angatirah. Kyai Hasan Besari ngucap bengis: “Patut kang koyo dapurmu, santri remeh kewolo, bener siro mantholos endasmu gundhul, buntu buntet tanpo nalar, mung jakat kang siro-incih. Durung patut ginuronan, guru bödhö kawruhmu mung sanyari, öra liyo kabisanmu, marani angger wismo, kang ginowo kasang wadah karag sekul, bisane ndöngo kabulo, ngaji kul hu lam yak unil. Öra podho koyo ingwang, marmo gundhul kasundhul ing agami. Milo putih surbaningsun, titih teteh micoro, kalah iki mesti ngambil saking biku, milo kethu tarancangan, panjalin ingkang kinardi. Kerigen santri ‘ulomo, öra kewran kawruhku salin-salin, nrawang putus ngisor ndhuwur, milo klambi kebayak, biso miyak marang kawruh agal alus. Sabuk poleng monco warno, kawruh-ingsun warni-warni. ‘Ilmu Jowo, Londo, Cino, Turki Ködyo Hindu Benggolo Keling, kabeh iku wus kacakup, sun-simpen aneng kasang, kawruh ‘Arab awit timur nganti lamur, kawruh Jowo tan kuciwo, dasar ingsun bongso Jawi. Milo bebed sarung ombo, ömber jembar ngungkuli ingkang dhakik, kabeh ‘ilmu ingsun weruh, nganggo tesbeh sanyoto, kabeh kawruh ingkang luwih saking alus, öra nono biso modho, amadhani marang mami. Mulane nganggo gamparan, saparanku angungkuli sasami, mulane cis teken-ingsun, kumecis nora cidro, anerawang njobo njero ngisor ndhuwur, upamane ingsun kalah, mungsuh janmo tanpo budi. Sayektine ingsun wirang, golek-ono saiki ono ngendi, si Gathölöcö wong kumprung. Ingsun arso uningo mring warnane janmo ingkang kurang urus.”
Ahmad ‘Arif ujariro: “Dhuk wau sapungkur-mami. Tut wingking lampah-kawulo, kinten-kinten dalu puniko ugi, nyipeng wonten kito Pungkur.”
Hasan Besari ngucap: “Lamun mrene sun-jewere kupingipun, mungsuh janmo ngrusak syara’, kalah lambene sun-juwing. Sun-karyo pangewan-ewan.”
Dhuk samono dupi sampun byar enjing, wanci bakdo solat subuh, prentah mring santri tigo: “Golekana Gathölöcö den katemu, tekakno mring ngarsaningwang.” Santri tigo gyo lumaris.
Datan winarno ing margo, santri tigo lampahnyo sampun prapti. Ing pacandon kutho Pungkur, nulyo manjing ngepakan. Santri tigo pramono samyo andulu, ing pacandon wonten janmo, endhek cilik bokong cantik.
Tinakenan namaniro, gyo sumaur: “Yen siro takon mami, Gathölöcö araningsun.”
Santri tigo tuturnyo: “Katimbalan sireku mring ngarsanipun, Guruning santri Cepekan, Kyai Hasan Besari. Kinen sareng lampah-kula.”
Gathölöcö maleleng ngiwi-iwi, gela-gelö manggut-manggut, nanging kendel kewolo, cangkemipun macucu boten sumaur, nulyo nembang uro-uro, larase mung angger muni.
“Piyik anak manuk doro, pedhet iku jarene anak sapi, cempe cilik anak wedhus, gudel anak maeso, kirik cilik iku jare anak asu, belö kepel anak jaran, genjik cilik anak babi.
Sekar pucang jare mayang, sekar mlati jarene sekar mlati, kembang gedang jare jantung, yen kembang klopo manggar. Dhuh lae dhuh kembang menur kembang menur, kembang pacar kembang pacar, kembang sruni kembang sruni.”
Santri murid kang dinuto, samyo eram sadoyo tyasnyo geli, kapingkel-pingkel gumuyu, wacono jroning driyo, opo boyo pancen duwe loro gemblung. Dene pijer uro-uro, becik kudu diasori. Murid tigo angrerepo, sanjang malih sarono ngarih-arih, ingarah mung murih purun: “Mangga tumunten mangkat, mring Cepekan manggihono Kyai Guru, manawi den arso-arso, kedangon kulo ngentosi.”
Gathölöcö klewo-klewo, sarwi ngucap: “Opo siro tan uning, ingsun iki lagyo ewuh, lan banget ketagihan? Lamun siro pari-pakso ngundhang mring sun, kethu-mu bae sun-selang prelu kanggo gadhen dhingin. Candu rong timbang kewolo. Nanging janji siro-tebus pribadi. Mengko yen wus mendem ingsun, tumuli mangkat mrono, lamun siro öra lilo kethu iku, ingsun wegah lungo-lungo, moh nemoni Kyai Haji.”
Santri tigo dhuk miyarso, rerembugan lawan rowange sami: “Lamun öra sigung kethu, sayekti tan lumampah, ora wurung Kyai Guru mengko bendu. Umpomo ingsun-wenehno, luwih becik den turuti.”
Santri duto kang satunggal, amangsuli: “Mangkönö dennyo angling, wus tetelo nalar kojur, iku podho kewolo, kethu-mami ugo anyar oleh tuku, lawase satengah wulan, regane srupiyah putih.”
Kang satunggal tumut ngucap: “Öra bedo anyare kethu-mami, lagi nganggo patang taun, mangka utang pitung wang, bayar nyicil seteng seteng saben esuk, sun-lowongi durung esah, isih kurang limang ketip.”
Najan camah awakingwang, waton oleh aleme guru-mami, santri tiga samya muwus: “Niki kethu-kawula, tampenana Gus Nganten sampeyan-pundhut, gadhekno kulo sumanggo, sak-nono dipun tampeni.”
Wusnyo kethu tinampenan, santri duto malah den iwi-iwi, ngisin-isin sarwi muwus: “Sireku ngentenono,” kethu tigo dipun gantosaken candu, rong timbang cinukit ngingkrang, sineret bantalan dhingklik.
Wus tuwuk panyeretiro, bedudane nulyo dipun sangkelit, Gathölöcö gyo lumaku, den iring santri tigo, sadangune lumampah urut dalan nggung, ngupaya senenging driyo, rerepen sinawung gendhing.
“Bismi’llah sun-uro-uro, sun-wangsalan petis apyun upami, ono kethu dadi candu, candu dadi gelengan, pathek tungkak gelengane dadi kebul, kebule mrasuk mring badan, sumrambah dadi nyegeri. Jenang sobrah ancur kaca, balung tipis munggeng pucuk dariji, seger dadi röso mlaku, nanging ingkang kelangan, paribasan sabet kudho mesthi getun, araniro tirto moyo, misuh-misuh jroning batin. Dhuh bakul söco kencono, selo ingkang kinaryo ngasah lading, manira bakal katemu Guru santri Cepekan, paksi alit kang dadya sasmiteng tamu, pethel panjang tanpo sangkal, nedyo ngajak bantah ‘ilmi.
Kadal gung wismeng bangawan, jambu ingkang isi lir mirah edi, sanajan guru pinunjul, alim jamhur ‘ulama, wadung pari ingsun ugo wani mungsuh, mrica kecut dhedhompolan, sagendinge sun-ladeni.”
(petis apyun = candu, pathek tungkak = bubul, jenang sobrah = ager-ager, ancur koco = roso, pucuk driji = kuku, sabet kudho = cemethi, tirto moyo = wisuhan, söco kencono = poro, selo ingkang kinaryo ngasah lading = wungkal, paksi alit kang dadyo sasmiteng tamu = prenjak, pethel panjang tanpo sangkal = tatah, kadhal gung wismeng bengawan = bajul, jambu ingkang isi lir mirah edi (dhelima), wadung pari = ani-ani, mrico kecut dhedhompolan = wuni)
Dumugi pondok Cepekan, kacarito ing pondok poro santri, miwah sagung poro guru, mulat kang lagyo prapto, maksih wonten plataran ngandap wit jeruk, Kyai ‘Abdul Jabar ngucap, mring Kyai Hasan Besari: “Tiyang makaten punika, najis mekruh tan pantes minggah mriki.”
Hasan Besari sumaur: “Nadyan mekruh najiso, nanging iku tekane saking karepmu, becik kinen munggah langgar, dimen tumuli linggih. Reged öra dadi ngopo, yen wus lungo tilase disirami.”
Hasan Besari gyo dhawuh: “Uwong olo lungguha, kono bae ing jrambah lor-wetan iku.” Gathölöcö sigro minggah, marang langgar mapan linggih. Sendheyan prenah lor-wetan, bedudane maksih dipun sangkelit, nulyo nitik karyo latu, ngakep rokok tegesan, tegesane sadriji kebule mabul, mratani sajroning langgar, ambetipun sengang sangit.
Para santri tutup grono, wonten ingkang ngalih deniro linggih, Hasan Besari amuwus: “Siro jenengmu sopo?”
Wangsulane: “Gathölöcö araningsun.”
Hasan Besari tetanyo: “Opo kang siro-sangkelit?”
Sumaur: “Iki watangan, watangane cipto pikir kang ening, ono dene pentholipun, iki arane cupak, prelu kanggo mapak kawruh ingkang luput, obate candu lan bakal, ron awar-awar kinardi. Dadi arang ingkang tawar, yen kacampuh obat kalawan mimis, ora wurung kena bendu, mimis glintiran madat, yen wus awas patitise damar murub, lesane pucuking ilat, sentile napas kang lungid. Cethute aran dzatu’llah, rasa awor ngumpul dadi sawiji, manjing marang cethutipun, rumasuk jroning badan, sumrambah kulit daging balung sungsum, tyasingsun padhang nerawang, öra kewran kabeh pikir.”
Hasan Besari ngandiko: “Siro wani mapaki kawruh-mami, nganggö siro wani nglebur, mring syara’ Rasulu’llah, opo siro nampik urip demen lampus, ra wedi manjing nroko, ora melik munggah swargi?”
Gathölöcö alon ngucap: “Koyo opo bisane nampik milih, wus pinesthi mring Hyang Agung, sakehing kasusahan, iku dadi duweke marang wong lampus, dene sakehing kamulyan, dadi duweke wong urip. Yen wong urip iku susah, metu saking takdiriro pribadhi ingkang gawe susah iku, dene Kang Moho Mulyo, sipat murah puniku kagunganipun, nanging kabeh sipat samar, öra keno tinon lair. Siro ingkang tanpo nalar, endah-endah ingkang siro-rasani, suwargo naroko iku, mongko katon wus cetho, sopo-sopo ingkang mulyo uripipun, iku ingkang manjing swargo, sopo mlarat manjing geni. Ya iku manjing naroko.”
Kyai Hasan Besari amangsuli: “Suwargo naroko iku, besuk aneng akherat.”
Gathölöcö sumaur sarwi gumuyu: “Lamun besuk öra nono, anane namung saiki.”
Kyai Guru sauriro: “Nyoto nakal rembuge janmo iki, maidö marang Hyang Agung, lan syara’ Rasulu’llah, pancen wajib pinatenan dimen lampus, lamun maksih awet gesang akaryo sepining masjid.”
Gathölöcö alon ngucap: “Ora susah siro mateni mami, nganggo gaman tumbak dhuwung, saiki ingsun pejah.”
Kyai Hasan Besari asru sumaur: “Iku lagi tataniro, wong mati cangkeme criwis. Awake wutuh lir reca.”
Gathölöcö alon dennyo nyauri: “Yen patine kewan iku, nganti gograge badan, mati aking yo iku patining kayu, yen ilang patining setan, ingkang koyo awak-mami. Öra mujud öra ilang, mongko iku ingsun ugo wus mati, kang mati iku nepsuku, mulane kabeh salah. Ingkang urip budi pikir nalar jujur, pisahe rogo lan nyowo, kinaryo tundhaning lair.
Iku ingkang aran sadat, pisahiro kawulo lawan Gusti. Lungo pisah tegesipun, dadi roh. Rasulu’llah, yen wis pisah ragane lan Suksmo iku, roso pangroso lan cahyo, panggonane ono ngendi?”
Kyai Guru sauriro: “Bener ingsun luluh awor lan siti, roso lan pangroso iku, kalawan cahyo gesang, pan kagowo iyo marang Suksmanipun, kabeh munggah mring suwargo, Sang ‘Ijrail ingkang ngirid. Lamun Suksmane wong Islam, kang netepi solat limang prakawis, sarto akeh pujinipun, rino wengi tan owah, anetepi jakat solat pasanipun, pitrah ing dino riyoyo, yen katrimo ing Hyang Widdhi. Kaunggahaken suwargo, krono manut parentahe Jeng Nabi, kabeh oleh-olehingsun, kang wus kasebut syara’, yen Suksmane wong kapir ingkang tan manut, dawuhe Jeng Rasulu’llah, pinanjingaken yumani.
Awit mukir mring Panutan, yen wong kapir dadi satruning Widdhi.”
Gathölöcö asru muwus: “Dene Ingkang Kuwoso, nganggo nyatru marang wong kapir sadarum. Lamun siro tan pracoyo, maring kudrating Hyang Widdhi. Maido kuwasaning Hyang, dennyo karyo warnane umat Nabi. Anane kapir puniko, sopo kang gawe kopar, lawan maneh ingkang karyo uripipun, akaryo bejo ciloko, tan liyo Hyang Moho Suci.
Upomo Allah duweyo satru kapir murtat marang Hyang Widdhi, becik sadurunge wujud tinitah aneng dunyo, dadi ora duwe satru ing Hyang Agung. Yen mengkono Allahira, iku ora duwe budi. Demen karyo kasusahan, adu-adu wong Islam lawan kapir. Bedo kalawan Allahku, mepeki ing aguno, anuruti sakarepe umatipun, ora ono kapir Islam, bedo-bedo kang agami. Tegese aran agomo, panggonane ngabekti mring Hyang Widdhi, ing sasebut-sebutipun, waton terus kewolo, tanpo salin agamane langgeng terus, sopo kang salin agomo, nampik agomo lami, iku kapir araniro. Krono nampik papestene Hyang Widdhi, agamamu iku kupur, nampik leluhuriro. Sasat nampik papesteniro Hyang Agung, panyebutmu siyo-siyo, anebut namaning Widdhi. Siro iku biso kondho, lamun kapir Suksmane manjing geni, Suksmane wong Islam iku kabeh manjing suwargo, opo siro wis tau nglakoni lampus, weruh suwargo naroko, panggonane aneng ngendi?”
Hasan Besari angucap: “Kang kasebut sajroning kitab-mami.”
Gathölöcö sru gumuyu: “Siro santri keparat, ngandel marang daluwang mangsi bukumu, nurun bukune wong sabrang, dudu tinggalane naluri. Buku tembung coro ‘Arab, tan ngopeni buku saking naluri, sayektine kabisanmu, mung kitab sembarangan. Siro-gowo oleh-oleh lamun lampus, katur marang Gusti Allah, bali ingkang duwe maning.
Bakale opo katrimo, krono iku kagungane pribadhi. Sakehe puji dikirmu, kabeh pangucapiro, iku ugo kagunganiro Hyang Agung. Mongko siro-aturno, bali marang kang ndarbeni. Opo öra nemu döso? Iku kabeh kagungane Hyang Widdhi, kepriye olehmu matur.”
Kyai Guru saurnyo: “Siro iku maidö kitabing Rasul.”
Gathölöcö alon ngucap: “Tan pisan maido mami. Sawuse siro tumingal, mring unine buku daluwang mangsi, landhaten kanyotohanmu. Rasane saking sastro, sarto maneh siro iku mau ngaku besuk lamun siro pejah anggowo sanguning brangti.”
“Rehning siro wis ngakoni, benjang lamun siro pejah rasakno badanmu kuwe, kalawan cahyamu gesang, obah-osiking manah, anggowo lapal Suksmamu, munggah mring suwargo löko. Sang ‘Ijaril ingkang ngirid, sowan ngarsane Hyang Suksmo. Yen mangkönö siro kuwe, öra ngamungno neng ndönyo olehmu dadi bangsat, aneng akherat dadi pandung, anggowo dudu duweknyo.”
“Siro aneng ndönyo iki kadunungan barang gelap. Öra tuku öra nyileh, siro-anggö saben dino. Ing mongko aneng akherat, anggowo dudu duwekmu. Ndonyo akherat dadi bangsat. Tanpo gawe jungkar-jungkir, nembah solat madep keblat, clumak-clumik kumecape, angapalake alip lam. Tegese iku lapal, angawruhono asalmu, urip prapteng kailangan.”
“Sireku kaliru tampi ngawruhi asale, wayah subuh luhur myang asare, mahrib lawan bakdo ‘isya sayekti tanpo guno. Sipat urip duwe irung, podho weruh marang wayah.
Yen mangkönö siro kuwi, mung mangeran marang wayah, tan mangeran Ingkang Gawe. Lamun bengi sarto awan, pijer ketungkul wayah, öra mikir mring awakmu, urip prapteng kailangan.”
“Rasane badanmu kuwi kagungane Rasulu’llah, cahyane uripmu kuwe kagunganiro Pangeran, obah-osiking manah Muchammad kang nggowo iku duwekmu amung pangroso. Mongko siro-gowo kuwi öra siro-ulihno. Balekno marang Kang Duwe. Yen siro maksih anggowo titipan tri prakoro, opo siro öra lampus?”
Kyai Guru dhuk miyarsa, kethune binanting siti, muring-muring ngucap söro: “Mring ngendi nggonku ngulihke? Ingsun tan rumoso nyelang. Titipan tri prakoro.”
Gathölöcö gyo gumuyu: “Siro urip tanpo moto. Upomo padhanging rawi asaliro saking suryo, sirno kalawan srengenge. Kalamun padhange wulan, asale saking wulan, sirnane kalawan santun, bali maneh asaliro.”
Hasan Besari nyauri: “Krono ngopo rasaniro, lan cahyamu urip kuwe, myang obah-osiking manah, tan siro-ulihno marang Kang Kagungan iku.”
Gathölöcö asru nyentak: “Ingsun iki ora wani ngulihake durung mongso. Yen tan ono pamundhute. Ingsun wedi mbok kiniro, anampik sihireng Hyang manowo nemu sesiku, sireku kaliru tompo.”
“Kang kasebut kitab-mami, saking Nabi Muchammad,” Kyai Guru pangucape, “solat witri iku iyo, solat sak-koberiro.”
Gathölöcö alon muwus: “Sireku kaliru tompo. Yen mangkönö siro kuwi dudu umat Rasulu’llah. Dene siro ngestokake sari’ate nabi limo, endi panembahiro, mring nabi Muchammad iku?”
Kyai Guru sauriro: ”Sembahingsun solat witri, iyo ing samoso-moso.”
Gathölöcö pamuwuse: “Siro iku santri blasar, mongko Nabi Muchammad tetelo Nabi Panutup, tunggule nabi sadoyo. Parentahe ora sisip, wus kapacak aneng kitab, ingkang salah siro dhewe, kinen sujud kaping limo rino wengi mangkönö, esuk-esuk wayah subuh, sujud tumrap maring Adam. Iku dudu Adam Nabi, adam suwung sujudono, kang suwung langgeng anane, marmanira sinujudan, dene luwih kuwoso, ngilangake peteng iku, kagenten padhanging suryo. Panase soyo ngluwihi, saking kuwasaning Allah. Suryo iku darmo bae, sakehe manungso ndönyo samyo susah sadoyo, krono saking panasipun, Nabi Muchammad parentah.”
“Marang umatira sami supoyo podho sujudo, marang Kang Murbeng ‘alame, tatkolo patang raka’at, kabeh podho nuwuno, mring sudane panas iku, lan sudane dosaniro.
Lan podho nuwuno maning linanggengno kaluhuran, koyo luhure srengenge. Pramilane lamo-lamo tumurun soyo andhap, dadyo asrep panasipun. Wong akeh ngarani ‘asar.
Nabi Muchammad ningali, parentah mring umatiro, supayane sujud maneh, sarta podho nenuwuno, langgeng ananing Suksmo. Lan podgo nuwuno iku, linanggengno kaluhuran.
Pangeran kang Moho Luwih. Angganjar ing asoriro, linanggengno kamulyane dadine biso kalakyan. Tumurun soyo andhap, mulane ngaranan surup, siro podho sumurupo.
Kuwasanira Hyang Widdhi. Biso gawe peteng padhang, gawe unggul lan asore, kang padhang tegese gesang, kang peteng iku pejah. Nabi Muchammad andulu, parentah mring umatira. Den purih sujudo maning, marang Ingkang Murbeng ‘alam. Dene luwih kuwasane, biso gawe peteng padhang, lan gawe pejah gesang, bilahi asor lan unggul, lamo-lamo kang baskoro.”
“Jagade datan kaeksi, petenge soyo katoro, amratani jagad kabeh, manungsane ‘alam ndönyo, rumoso kasusahan, krono saking petengipun, amargo suruping suryo.
Sagunge umat nuruti nenuwun marang Pangeran, kanti nangis panuwune. Mulane ngaranan ‘isya, tegese anangiso, marang Ingkang Murbeng luhur, nenuwun supoyo padhang.”
“Kagenten padhanging sasi, sakehe manungso suko uningo wulan cahyane padhang sarto ora panas. Cacade mung pisahan, mulane ingaran santun, santun warno saben dino.
Tegese sasi samyo sih.”
Kyai Guru aris möjar: ”Kitab opo pathokane.”
Gathölöcö angandiko: “Barul-kalbi arannyo, mangretine barul laut, dene kalbi iku manah.
Ati kang kaya jaladri, tanpo wates jero jembar lan maneh akeh isine.”
Hasan Besari tetonyo: “Sira öra sembahyang?”
Gathölöcö aris muwus: “Sembahyang langgeng tan pegat. Sujud-mami sujud eling, keblatku tengahing jagad, bareng napasku sujude, napasku metu mbun-mbunan, solatku mring Pangeran, metu saking utekingsung, sembahyangku mring Hyang Suksmo.
Ingkang metu lesan-mami, sembahyang mring Rasulu’llah, kang metu irungku kiye, ingkang dzat pratandaniro, iku taline gesang, kabeh saking napasingsun, sebutku Allahu Allah.”
“Siro podho öra ngreti Rasulu’llah sabatiro iku durung linairke. Lintang wulan lawan suryo, ‘alam ndönyo wus ono, yekti tuwo suryanipun, iku kang kitab Ambiya.
Kang tinitahake dhingin, dening Hyang cahyo Muchammad. Iku lawan sahabate, nanging wujud eroh samyo, neng jroning lintang jöhar. Mongko lintang jöhar iku wadahe roh sadoyo. Baboniro saking urip. Dadi saking Nur Muchammad, lintang rembulan srengenge ora liya asaliro, pan saking Nur Muchammad. Mongko lintang jöhar iku, dadi pusere Muchammad. Yen siro maidö mami, dadi nampik-aken siro mring Kuran sesebutane.”
Hasan Besari miyarso, rumaos kaungkulan, mangkono deniro muwus: “Wis Gathölöcö minggato.”
Gathölöcö anyauri: “Sun linggih langgare Allah, kabeneran panggonane iki aneng tengah jagad, ingsun seneng kapenak linggih langgar karo udut, ngenteni prentahing Allah.”
Sakala Hasan Besari sidakep kendel kewolo, puworo alon wuwuse: “Wus dadi prasetyaningwang, kalamun bantah kalah kabeh iki darbekingsun, siro wajib mengkonono. Ingsun rilo lair batin, langgar wismo barang-barang, pasrah sah duwekmu kabeh. Santri murid ing Cepekan, ingkang seneng ngawulo moro siro anggeguru, wulangen ‘ilmu utomo. Para Kyai mitra-mami, ingsun sumarah kewolo, opo kang dadi karsane maniro saiki ugo, nedyo lungo lelono, kabeh keriyo, rahayu.”
Hasan Besari gyo mangkat. Nalongso rumongso isin. Saparan kalunto-lunto, katiwang-tiwang lampahe, ingkang kantun ing Cepekan, Gathölöcö sinebo poro murid tigang atus, ander samyo munggeng ngarso.
Gathölöcö sukeng galih, angandiko mring sahabat: “Sanak-sanakingsun kabeh, yen siro arso raharjo, pömo-pömo elingo aywo tiru lir gurumu, anggepe sawenang-wenang.
Kang mangkönö öra becik, ngino-ino mring sasomo. Umat iku podho bae, pinter bödhö becik olo, bejo lawan ciloko, wong kuli tani priyantun, lanang wadon ora bedo.
Wus pinesti mring Hyang Widdhi, tan keno ingowahono, papestene dhewe-dhewe, mulane becik narimo, aywo katungkul siro urip iku bakal lampus, aneng ndönyo ngelingono.”
“Ojo jubriyo lan kibir, sumengah nggunggung sariro, open dhahwen panastene, karem döra pitenahan. Jail silib melikan, angapusi agal alus, anggluweh demen sikoro.
Ojo pisan ladak edir, watak angkuh ngujo howo. Ojo wareg mangan sare, nglakonono sawatoro ingkang sabar tawakal, ingkang sumeh ojo nepsu, ngajeni marang sasomo
Ojo siro gawe serik, ojo siro gawe gelo, ojo gawe wedi kaget iku aran najis haram, nyandang mangan ingkang sah, iku lakune wong ‘ilmu, tan keno kanti sembrono.”.
“Kudu ingkang nrimeng pandum, sumarah karsaning Widdhi, manungso darmo kewolo, saikine sun-takoni, opo mantep trusing driyo, ngaku bopo marang mami. Lamun siro wus tuwajuh, gugunen pitutur iki, nanging siro ojo samar, tan keno maidö. Ngilmi, yen maidö keno cendak, uripe kamulyan-neki. Kabeh siro anakingsun, badenen pasemon iki, lamun bengi ono opo, yen awan ingkang ngebeki, opo ingkang öra nono, satuhune iyo endi.
Adoh tanpo wangen iku cedhak tan senggolan iki, yen adoh katon gumawang, yen cedhak datan kaeksi, lamun isi ana apa, yen suwung luwih mratani. Lembut tan keno jinumput, agal tan keno tinapsir, ingkang ombo langkung rupak, kang ciyut wiyar nglangkungi, bumbung wungwang isi opo, sopo neng ngarepmu kuwi. Yen lanang tan nduwe jalu, yen wadon tan nduwe belik, iyo kene iyo kono, iyo ngarep iyo mburi, iyo kering iyo kanan, iyo ngandap iyo nginggil Baitane ngemot laut, kudho ngrap pandengan nenggih, tapaking kuntul ngalayang, pambarep adhine ragil, si welut ngeleng ing parang, kodhok ngemuli leng-neki.
Wong bisu asru calathu, jagö kluruk jrö ndhog-neki, wong picak amilang lintang, wong cebol anggayuh langit, wong lumpuh ngideri jagad, aneng ngendi susuh angin. Aneng ngendi wohing banyu, myang atine kangkung kuwi, golek geni nggowo diyan, wong ngangsu pikulan warih, kampuh putih tumpal pethak, kampuh ireng tumpal langking.
Tumbar isi tömpö iku, randu alas angrambati mring uwit sembukan iko, sagoro kang tanpo tepi, rambut ireng dadi pethak, ingkang pethak saking ngendi.
Irenge mring ngendi iku, kalawan kang diyan mati. Urube mring ngendi iko, golek-ono kang pinanggih, yen tan weruh siyo-siyo, durung sampurno kang ‘ilmi.
Ingkang sarah munggeng laut, gagak kuntul sobo sami, dhuk mencok si kuntul iko, si gagak ono ing ngendi, gagak iku nulyo teko, si kuntul miber mring ngendi.
Prayögo kudu sumurup, kabeh siro anak-mami, pralambang iku rasakno, kang katemu podho jati, sajatining roso iko, roso jroning jolonidi.
Sasmitanen ingkang wimbuh, kawruhono ucap iki, kalawan pangrunguniro, sarto paningalmu ugi, tan ono ucap dwi iko dadi sölah-tingka-neki.
Öra sak tan serik iku, tan tesbehmu dzatu’llahi, kang kroso yen datan mangan, den kroso yen minum nenggih, sembahyango den karoso. Den kroso dzatu’llah kuwi”.
“Kang wus sawural Allahu, iku aran solat daim, ono maneh ingaranan, martabate kasdu kuwi, lawan ta’rul ta’yin iko, mangretine kasdu kuwi. Pikarepe niyat iku, ciptane ingkang dumadi, dene ta’rul tegesiro, pamekasing niyat nenggih, dumadine panggraito, mangreteni ingkang ta’yin. Iku nyoto yen satuhu, wasesane niyat kuwi, dumadine ingkang cipto, cethane iku sayekti, ingkang kasdu kuwi iman, ingkang ta’rul iku töhid.
Kang ta’yin makrifat iku, kang iman yen ono kuwi, ing niyat ingkang gumletak, yekti iku öra serik, tansah ningali ing Allah kang töhid nenge myang ösik. Gletheke paningal iku, pamyarso pangucap-neki, nyoto angen-angeniro, ingkang ngglethakaken Widdhi, myarso ngucapken pestinyo, Allah ta’ala ngimbuhi. Dadi ojo sok srik iku, tingaliro mring Hyang Widdhi, ono dene kang ma’rifat, iku nenge lawan mösik, anenggih paningaliro, pangrungu pangucap-neki. Dadi lan ing dhewekipun, tegese iku sayekti, bilo tesbeh lire iko tan lörö kahanan-neki, apan mung Allah kewolo, ingkang mösik meneng kuwi.
Pamiyarso lan pandulu, nyatane kahanan iki, pömo ojo sok srik, sasmito sariro-neki, kang den ucap ingkang ngucap, tan liyo Kang Moho Suci. Kudu ingkang awas emut, öra nono liyo maning, lamun siro tinakonan, opo pangajape Widdhi, mangkene wangsulanira, “pangawruhingsun mring Widdhi”.
Kaimbuhan ‘ilmunipun, Pangeran kang Moho Suci, ono maneh söaliro, opo ingkang den arani, sakecap sarto satindak meneng mung sagokan kuwi? Nuliho saurono gupuh, ujar sakecap puniki, kang ngucap nenggih Hyang Suksmo, kang mlaku satindak Widdhi, kang meneng sogokan iko, ingkang wus angel nggoleki? Hyang Suksmo yo dirinipun, sarto lamun den takoni, piro martabating tingal, saurano tri prakawis, tasnip ingkang kaping pisan, insan-kamil kaping kalih, kadil-kapri kaping telu. Tasnip idhep teges-neki, insan-kamil kang sampurno. Iku koyo roh idlafi, utowo tasnip semunyo, tingal luluh sampurnaning. Wahyu iku tegesipun, ingkang paningale sidhik, iku tetep wahyuniro. Pramilane samyo wajib, den weningo prabedanyo anggeniro aningali mring nabi wali mukminu, nabi tetep tingal-neki, dene poro mundur iko, ing tingale wali mukmin. Pira martabating lampah, wangsulono dwi prakawis. Dhingin koyo geni iku, kaping kalih koyo angin, semune kang koyo bromo, penet panase pribadhi, tegese sira mrih enggal, panrimo kasuwen dening. Ingkang angin tegesipun, penet tan keno pinurih, tegese wus öra pisan, susah angulati malih, piro martabating badan, saurano tri prakawis.
Wondene ingkang rumuhun, koyo tanggal ping pat nenggih, ping dwi koyo tanggal songo, tanggal ping patbelas ping tri, tegese tanggal kaping pat, tulis lair tulis batin.
Koyo tanggal songo iku, luluh sirno tegesneki, kahananira Pangeran, tanggal ping patbelas kuwi, dene sasejane somo, koyo Kang nDadekken nenggih.
Wus tumeko wangenipun, tekane kawulo kuwi, öra nadyo yen dadiyo, dadi Gusti kang sayekti, nanging yekti dadi ugo, piro mastabat pamanggih.
Saurano limo iku, kang dhingin kletheking ati, ingkang kaping kalihiro, katepeking lampah nenggih, panjriting tangis ping tigo, kethuk nutu ping pat neggih. Cleret ngantih ping limeku. Dene pajriting wong nangis, lawan kletheking wardoyo, myang tepeking wong lumaris, tuhune iku pangucap, martanipun akhir kadi. Koyo kapilaku iku, ing tekade kang wus tampi, calereting ngantih iko, lir sipat jamalu’llahi, ketuking nutu upomo, wedale pangucap-neki. Nyoto öra mamang iku, öra susah angulati, Hyang Agung Kang Moho Mulyo, kang ngucap iku Allahi, pömo ojo pindö karyo, puniku ingkang sajati. Martabate bumi iku, saurono tri prakawis, dzating roh idlafi iko, kaping pindö roh jasmani, kaping telu tanpo prenah, tanpo tuduh tanpo yekti.
Kang aran Muchammad iku, kang hakiki kang majanji, iku nuli saurono, kang aran Muchammad nabi, dene kang hakiki iku, iya dzatu’llah idlafi.
Nabi Muchammad puniku, anenggih ingkang majaji, dzatu’llah jasadi ika, kang hakiki kang majaji, lörö-löröning atunggal, nyatane yen siro kuwi.
Ingkang tanpo prenah iku, lawan tanpo tuduh kuwi, ing hakekate dzatu’llah, tan liyo pesti sireki, krono sajatine siro, pömo ojo pindo kardi.
Martabat nugrahan iku, lamun siro den takoni, piro nugrahaning sadat, saurono tri prakawis, iku ingkang ping sapisan, ngeningake iman-neki.
Ping dwi ngeningken tyasipun, ono dene kang kaping tri, nglampahake panggaotan, nugrahaning solat nenggih, saurono tri prakoro, megat karso ingkang dhingin.
Tinggal cipto kalihipun, amadhep ingkang kaping tri, nugrahaning takbir piro, saurono tri prakawis, dhingin kawruh dwi kawruhnyo, jatining weruh kaping tri.
Pituturku durung rampung, nanging iku bae dhisik, krono ingsun arso lungo, ora lawas ingsun bali, mrene maneh mulang siro, dimene imbuh mangreti.”
“Anak murid sireku, kabeh podho keriyo rahayu, lilanono saiki maniro pamit.”
Gathölöcö mangkat gupuh, lumampah ijen kemawon. Mider-mider ngelantur, sejaniro angupoyo mungsuh, sagung pondhok guru santri den lurugi, binantah ing kawruhipun, yen kalah dipun pepoyok. Ono ingkang gumuyu, kapok kawus santri kang tan urus, wus dilalah karsaning Kang Moho Luwih.
Gathölöcö tyas kalimput, mengku takabur ing batos. Pangrasaniro iku, sopo menang padon karo aku, padu kawruh ingsun punjul sasami, marmane manggih sesiku, kasiku dening Hyang Manon. Kang sipat samar iku.
Gathölöcö tan rumoso luput, yen andulu, ingkang bongso lair batin, kaelokaning Hyang Agung, karyo lakon langkung elok.
Gatoloco andarung, lampahipun terus minggah gunung, Endrogiri wastaniro ingkang wukir, sadoyo santri ing gunung binantah kawruhnyo kawon.
Jejanggan poro wiku, resi buyut wasi lan manguyu, den lurugi bantah kawruh syara’ ‘ilmi, ingkang kawon den geguyu. Gathölöcö asru moyok.
Solah tingkah kumlungkung, ngrengkel nakal remen nyrekal digung, watak edir ‘ilmu syara’ den pabeni, milo soyo camahipun, yo to genti winiraos.
Ing Endrogiri gunung, wonten endang gentur tapanipun, apeparab Retno Dewi Lupitwati, sadoyo punggawanipun, samyo estri maksih anom. Satunggal wastanipun, apeparab Dewi Mlenukgembuk, nomo Dewi Dudulmendhut, kang satunggil, merak-ati dasar ayu, cantrik kalih ugi wadon.
Satunggal namanipun, akekasih Dewi Roro Bawuk, kang satunggal Dewi Bleweh kang wewangi, grapyak sumeh kaduk cucut, neng ngarso gusti tan adoh.
Sang Retno depokipun, yeku depok ing Cemarajamus, pratapane ing guwo Seluman werit, angker sinengker barukut, boten sembarangan wong.
Bangkit uningen ngriku, yen tan antuk lilane Sang Ayu, dene lamun wus kepareng den ideni, kaiden ingkang amengku, sinome guwo katongton.
Ingkang samnyo neng asromo, Retno Dewi Lupitwati, lagyo sakeco ngandikan, lawan ceti emban cantrik, kaget dupi umeksi, dumateng wau kang rawuh, sajugo janmo priyo, lenggah sanding poro estri, Mlenukgembuk sigro nyabdo atetannyo.
“Lah siro iku wong opo, wani malbeng Endragiri, rupamu olo tur kiwo, pinangkaniro ing ngendi, lan sopo kang wewangi, angakuwo mumpung durung, ciloko siyo-siyo, opo tan kulak pawarti, lamun kene larangan katekan priyo.”
Gatoloco tansah nyawang, boten pisan amangsuli, mendongong kendel kewolo, lir bisu mung clumak-clumik, malah angiwi-iwi, lingak-linguk kukur-kukur, dereng purun cantenan, nudhingi mring cantrik estri, dandu-dangu sumaur ngucap mangkönö.
Sun iki janmo utomo, nyoto yen lanang sajati, kekasih Barangpanglusan, lan aran Barangkinisik, tetelu jeneng-mami, ananging ingkang misuwur, monco pat monco limo, tanapi monco nagari, Gathölöcö puniku aran-maniro. Omahku ing tengah jagad, pinangkane saking wuri, nuruti sejaning karso, pramilane prapteng ngriki, prelu arso pinangggih, marang sireku wong ayu, duh mirah pujaningwang, lamun condong sun-rabeni.”
Mlenukgembuk muring-muring asru sabdo: “Gumendhung si asu olo, lancang pangucap kumaki, deksuro tindak sembrono, adol bagus marang mami, ingsun tan pisan sudi, andeleng marang dapurmu, becik siro minggato, ojo katon aneng ngriki, eman-eman panggonan den ambah siro.”
Wangsulane: “Gemang lungo, malah siro mirah nuli, nurutono karsaningwang, duh wong ayu sun-rabeni”, mangsuli manas ati. Wuwuse soyo dalurung: “Si anjing keno sibat, tan keno ginawe becik, moro age tutugno dak-kepruk boto.”
Gathölöcö saurira: “Wideng galeng dhuh maskwari, wong ayu mbok ojo duko, kuwuk mongso kolang-kaling, ron kang kinaryo kikir, welasono awakingsun, parikan jenang selo, apuranen sisip-mami, jalak pito sun-cadhang dadiyo garwo. Baito kandheg samudro loro wirang sun-labuhi, terong alit dedompola, mbok iyo nganti sawarsi, bibis kulineng tasik, sayekti tan nedyo mundur, isih cuwo atiku pan durung lego.
Lan maneh ngong ngrungu warto, gustimu Sang Lupitwati, misuwur lamun waskito, pinter mring sabarang ‘ilmi, tan ono kang ngungkuli, sarto wus jumeneng wiku, lamun kapoto nyoto, maniro arso nandhingi, bantah kawruh sakarsane ‘ilmu opo.”
Mlenukgembuk sauriro: “Badenen cangkriman-mami, lan söale gustiningwang, Retno Dewi Lupitwati, soale emban cantrik, yen siro ngreti sadarum, nadyan rupamu olo, gustiku Sang Lupitwati, opo dene poro ceti cantrikiro, mestine nurut kewolo, kabeh gelem anglakoni.”
Gathölöcö alon möjar: “Opo temen tan nyidrani, upamane ngapusi, opo siro wani tanggung, yen siro öra döro, sun-jawabe ing samangkin, lah ucapno cangkrimane koyo opo.”
Mlenukgembuk alon möjar: “Ono wit agung siji, pang papat godhonge rölas, kembange tanpo winilis, wohe amung kekalih, mung sawiji trubusipun, mubeng wolu pangira, puniku ingkang sawiji, ono dene ingkang satunggal.Ingsun ningali maeso, katahe amung kekalih, nanging telu sirahiro, badhenen cangkriman kuwi.”
Gathölöcö miyarsi, reko-reko tan sumurup, malenggong palingukan, kecap-kecap ketip-ketip.
Mlenukgembuk gumujeng alatah-latah: “Kowe maneh yen bisoo, ambatang cangkriman iki, dapurmu olo tur kiwo.”
Gathölöcö anyauri: “Mengkö dhisik pinikir, supoyo biso katemu, moro podho rungokno, wong kabeh aneng ngriki, sun-badhene bener luput saksenono. Ananging kalamun salah, ojo podho ngisin-isin, bismi’llah mbadhe cangkriman, cangkrimane wong mrak-ati, wit agung mung sawiji, iku jagad tegesipun, pang papat iku keblat, godhong rölas iku sasi, trubus siji epang wolu iku warso. Kembang tanpo wilang lintang, minangka woh lörö kuwi, anane suryo rembulan, lan maneh ingkang sawiji, siro niku ningali, kebö lörö ndhase telu, iku wus dadi lumrah, kebö ‘alam ndönyo iki, lanang wadon ketel wulu sirahiro.”
Gathölöcö alon ngucap: “Opo bener opo sisip, mangkönö pambatangingwang, mring cangkriman iki.”
Mlenukgembuk miyarsi wus kabatang soalipun, rumoso yen kasoran, sedhot mundur sarwi nglirik, alon ngucap: “Saiki narimo kalah.”
Dudulmenduht sigro mapan, mesem-mesem angesemi, wus ayun-ayunan lenggah, Gathölöcö nulyo angling: “Soal opo sireki, sun-badhene cangkrimanmu:”
Dudulmendhut angucap: “Mangkene cangkriman-mami, moro age badhenen ingkang pratelo. Ing ngendi prenahe iman, ing ngendi prenahe budi, ing ngendi prenahe kuwat, apa kang luwih pait, lan ingkang luwih manis, luwih atos saking watu, opo kang luwih jembar ngungkuli jembaring bumi, opo ingkang luwih dhuwur saking wiyat.
Opo ingkang luwih panas, ngungkuli panasing geni, luwih adem saking töyo, luwih peteng saking wengi, endi aran ningali, lan endi kang luwih dhuwur, endi kang luwih andhap, opo ingkang luwih gelis, akeh endi wong gesang karö wong pejah.
Wong sugih lawan wong nisto, wong jalu lawan wong estri, wong kapir lawan wong estri, wong kapir lawan wong Islam, moro badhenen saiki.”
Gathölöcö nyauri: “Prenahe iman puniku aneng jantung nggoniro, ing utek prenahe budi, otot balung prenah panggonane kuwat. Prenahe wirang ing moto, ing ndönyo kang luwih pait, batine wong malarat, dene ingkang luwih manis, batine wong kang sugih, lamun wong kang luwih lumuh, kang blilu tan weruh sastro, ingkang aran aningali, iku janmo ingkang wruh ‘ilmuning Allah. Ing ngendi kang luwih perak, ing ndönyo kang luwih gelis, ingkang luwih bungahiro, iku marmaning Hyang Widdhi, kang ombo luwih bumi, yekti pandeleng puniku, landhep luwih kang brojo, iku nalare wong lantip, ingkang adhem luwih töyo ati sabar. Luwih atos saking selo, atine wong dhangkal pikir, atine wong kang brangasan, panase ngungkuli geni, wong jalu lan wong estri, yekti akeh wadonipun, sanadyan wujud lanang, tan weruh tegese estri, keno ugo sinebut sasat wanito. Wong urip lan wong palastro, temene akeh kang mati, sanadyan wujude gesang, kalamun wong tanpo budi iku prasasat mati, wong sugih lan wong nisteku, mesti akeh kang nisto, sanadyan sugih mas picis, lamun bödhö tanpo budi tanpo nalar.
Kena sinebut wong nisto, tan nduwe pakarti benjing, kalamun ing rahmatu’llah, wong Islam lawan wong kapir, Islam kapir mung lair, yen tan ono anggitipun, menowo datan wikan, pranataniro agami, tetep kapir yektine janmo puniko.”
“Wong iku nyoto pinteran, tan keno den mejanani,” Dudulmendhut mundur sigro, sarwi awacono aris, wus bener öra sisip, saikine ingsun teluk.
Roro Bawuk gyo mapan: “Mangkönö deniro angling, ndiko-bedek Gus Nganten cangkriman-kulo.Kabeh ingkang sipat gesang, kang ono ing ndönyo iki, pangucape pirang kecap, mongko leklu iku klimis.”
Gathölöcö miyarsi, reko-reko tan sumurup, malenggong palingukan, gedheg-gedheg angucemil, Roro Bawuk gumujeng alatah-latah, sarwi keplok bokongiro, angencepi ngisin-ngisin: “Siro maneh yen bisoo, anjawab cangkriman-mami, dapurmu anjenggigis koyo antu loro ngelu.”
Gathölöcö angucap: “Mbuh bener mbuh luput iki, sun-badhenen diajeng cangkrimaniro.
Ucape kang sipat gesang, kang ono ing ndönyo iki, panamung salikur kecap, nöra kurang nöra luwih, dene sastro kang muni, pan iyo amung salikur, kabeh ucaping jalmo, kang ono ing ndönyo iki, leklu klimis iyo iku tegesiro. Telek neng alu lesungan, yen dicekel yekti amis, salawase durung ono, telek ingkang mambu wangi.”
Roro Bawuk miyarsi: “Yen kajawab soalipun, rumoso katiwasan, öra wurung dirabeni.” Senthot mundur sumingkir semu kisinan. Angucap: “Ingsun wus kalah, saprentahmu sun-lakoni.”
Gantyo Dewi Bleweh mapan, lenggah nedyo bantah ‘ilmi.
Sang Dewi Bleweh angling: “Badhenen cangkrimaningsun, isine ‘alam ndönyo, kabeh ono pirang warni, lawan piro rasane lamun pinangan. Sun andulu wujudiro, adege wolung prakawis, pikukuhe rogo tunggal, sipat papat keblat kalih, patbelas ingkang keri, kang lörö tutup-tinutup, samyo manjer bandero, kekalih pating karingkih, lan badhenen, mangretine dadi paran.”
Gathölöcö dhuk miyarso, reko-reko tan mangreti, mung dheleg-dheleg kewolo, Dewi Bleweh ngisin-isin, lenggak-lenggok nudhingi malerok sarwi gumuyu: “Siro moso bisoo, ambatang cangkriman-mami, wong dapurmu saru kiwo ireng mangkak.”
Gathölöcö sauriro: “Mengkö sun-pikire dhisik, bismi’llah mbadhe cangkriman, cangkrimane gendhuk kuwi, isine ndönyo amung songo kathahipun, ingkang kinaryo ngetang, angkane mung sangang iji, öra nono ingkang luwih saking songo. Sawuse jangkep sadoso, bali marang siji maning, iku tandhane mung songo, isine ndönyo iki, kabeh mung songo kuwi, kahanane rupo iku, yektine nem prakoro, wijange sawiji-wiji, ireng biru putih kuning ijo abang. Liyo iku öra nono, rupo ingkang monco warni iku podho ngemu roso, dene kabeh kang binukti, ing ‘alam ndönyo iki, rasane mung ono wolu, legi gurih kalawan, pait getir pedes asin, sepet kecut ganepe wolung prakoro.
Adu bokong tegesiro, genah lamun asu ganjing, podho adu bokongiro, ngadeg suku wolung iji, keblatiro kekalih, madep ngalor lawan ngidul, sipate iku papat, mataniro patang iji, lawangane bolongan ono patbelas. Cangkem irung miwah karno, silite kalawan preji, gung-gunge kabeh patbelas, kang tutup-tinutup sami, panjine dakar preji, pating krengih endemipun, dene umbul puletan, bandero buntute kalih, ting jalentir lir bandero karo pisah. Opo bener opo öra mangkönö pambatang-mami, moro age wangsulono.” Dewi Bleweh dhuk miyarsi: “Kajawab soal-neki, sakalangkung getun ngungun, nggarjito jroning nolo, pinasti kalawan takdir, awakingsun kinanti wong koyo siro.”
Dewi Bleweh nulya mundur, sarwi awacono manis: “Ingsun wus rumoso kalah, sakarepmu sun-lakoni, maniro manut kewolo, öra sumedyo nyelaki.”
Namun kantun kusumo ayu, Retno Dewi Lupitwati mapan lenggah arso bantah.
Gathölöcö nyabdo aris: “Sireku keri priyonggo, embane kalawan cantrik.
Kalah bantah podho mundur, siro Dewi Lupitwati, opo nutut opo bonggo, sabudimu sun-kembari.”
Retna Dewi angandiko: “Opo saujarmu kuwi. Yen siro ngarani teluk, yektine teluk wak-mami, yen siro ngarani bonggo, sabenere ingsun wani, mung iki cangkrimaning-wang, kathahe telung prakawis. Badhenen ingkang dumunung, tegese wong laki rabi, lan tegese wadon lanang, tegese sajodho kuwi.”
Gathölöcö sauriro: “Öra susah nganggo mikir. Prakoro cangkriman iku, tegese wong laki rabi, ingkang aran wadon lanang, ingsun ugo wus mangreti, mung remeh gampang kewolo, rungokno pambatang-mami. Tegese wong lanang iku, olo kang temenan kuwi iyo iku ananingwang, rupane olo ngluwihi, wadon iku tegesiro genah panggonane wadi.
Wadine wong wadon iku, wujude wujudmu kuwi, sabenere luwih olo, dunung sarto asal-neki, acampur kalawan priyo, tuduhno akang olo iki. Mula rabi aranipun, wong lanang amengku estri, rahab ngrahabi sadoyo, kang olo lawan kang becik, mulo lanang araniro, ojo nglendhot marang estri. Mung iku pambatangingsun, opo bener opo sisip.”
Lupitwati aturiro: “Pukulun pepunden-mami, saestu leres sadoyo, marmane ombo samangkin. Nrimah kawon sampun teluk, sumanggeng karso nglampahi, muhung asrah jiwo rogo, tan pisan nedyo gumingsir, ing ndönyo prapteng delahan, tetep mantep lair batin.”
Gatoloco sukeng kalbu, gumujeng sarwi mangsuli: “Tuturiro sun-tarimo, lan maneh wiwit saiki, sireku kabeh kewolo, tetep dadi garwo-mami. Mulane siro sadarum, kudu manut gurulaki, sabarang parentahingwang, abot enteng aywo nampik, lamun nampik siyo-siyo, tan wurung sido bilahi. Wus lumrah wong lanang iku, wajibe mengkoni rabi, sanajan rupane olo, nanging pantes den ajeni, sinembah mring garwaniro, krono aran gurulaki. Solah tingkah murih patut, satiti angati-ati, tan keno kanthi sembrono. Yen siro sembrono öra becik, sanajan lungo sadhelo, kudu pamit marang mami. Kajobo kang kadi iku, rungokno pitutur-mami, amurih slametiro, aywo karem karyo serik, den sabar aywo brangasan, ngajenono mring sesami. Upomo siro katemu, marang pamitranmu yayi, kalamun siro micoro, kudu ingkang sarwo manis, dimen reno kang myarso, aywo nganti den ewani. Yen siro micoro saru, utowo demen ngrasani, mring alane liyan janmo, sayekti akeh kang sengit, datan seneng malah ewo, sinebut wong kurang budi.
Upamane ono tamu, dheng enggal siro nemoni, kang sreseh nuli bagekno, linggihane ingkang resik, sireku kang lembah manah, sökur biso nyugatani. Sanajan tan biso nyuguh, nanging sumeh ulat manis, tembunge grapyak sumanak, rumaket sajak gresepi, supoyo tamune suko, seneng öra gelis mulih. Yen siro semu marengut, kang mradayoh yekti wedi, kiniro kalamun ladak, utowo kiniro edir, den arani öra lumrah, datan kurmat mring sesami. Watak andhap asor iku, wekasane nemu becik, raharjo sugih tepungan, kineringan mring sesami, linulutan pawong mitro, akeh ingkang tresno asih.”
Kang garwo samyo tumungkul, sadoyo matur wot sari: “Dhuh pukulun kasinggihan, wulangipun gurulaki, sliring dawuh-paduko, sayekti kawulo-pundi.”
Gathölöcö alon muwus: “Rehning siro wus ngantepi, dharmo saking karsaningwang, kepengin arso udani, pratandane kang sanyoto, opo bener siro estri. Samengko mrih genahipun, maniro arso nontoni, mring prenah tetengeriro, wujude ingkang sajati, sireku podho lukaro, supoyo cetho kaeksi.”
Para garwo alon matur: “Dhuh pukulun kadi pundi, dene paring dhawuh lukar, kawulo lumuh nglampahi krono saking mboten limrah, nalar saru tan prayogi.”
Gathölöcö asru bendu: “Tuturmu podho ngantepi, mantep lair batiniro, mituhu mring gurulaki, koyo paran ing samangkyo, tan miturut prentah-mami. Lamun rewel datan manut, sireku bakal bilahi, sidane nemu ciloko, katiban gitik panjalin, wong siji kaping limolas, lan maneh sun-sepatani. Ananging yen podho manut nurut marang karep-mami, sawuse lukar busono, nuli marang tilam sari, awakingsun pijetono, supoyo kesele mari.”
Para garwo samyo manut, tyas ajrih den supatani, sadoyo lukar busono. Gathölöcö dhuk umeksi, gumujeng alatah-latah, sarwi ngingkrang munggeng kursi. Mangkono deniro muwus: “Saiki katon sajati, wus cetho nyoto wanito, tengere wadon kaeksi, warno-warno datan podho, ono gedhe ono cilik.Rehning cetho wus kadulu, wujudnyo sawiji-wiji, akaryo renaning driyo, ing samengkö sun-lilani, kabeh podho tutupono, ngagemo busono maning. Yen sireku arso weruh, marang sajatining laki, duwekingsun tingalono, becike opo saiki, utowo mengko kewolo, sakarepmu sun-turuti. Lamun siro ngajak ngadu, duwekmu lan duwek-mami, maniro manut sakarso, gelem bae ingsun wani, siro ngajak kaping piro, maniro saguh ngladeni.”
Retno Dewi alon matur: “Pukulun pepunden-mami, prakawis nalar puniko, ombo tan kapengin uning, dumateng wujuding priyo, nuwun gunging pangaksami.
Kang awit pamanggih-ulun, kirang prelu aningali, kawulo datang mentolo, lan malih mboten prayogi, pramilane mboten susah, paduko paring udani.”
Gathölöcö alon muwus: “Dhuh wong ayu merak ati, sumeh semune prasojo, susileng solah respati, wangsalan iki rungokno, wulang mring siro wong manis.
Jayeng sastro empaning lelungid, sirik ageng jenenging wanudyo, luput barang reh wurine, wruh ing wekasanipun, tejo panjang kang ngemu warih, sinjang ageming priyo, kang kedah sinawung, pawestri kathah rubednyo, taji sawung gondo pangusaping lathi, kalupute kawangwang. Putran-dhenta ron aglar ing siti, pelem agung kang galak gandanya, ewuh-ayo pratikele, wanito tindak dudu, kudho mijil ing Tamansari, piring siti upama, dadyan dhewekipun, angrusak badhan priyanggan sari tala dadaking ron sun-wastani, nalutuh ‘alam ndönyo. Kisma rempu atmaja Jumiril , marmo estri tan kalebu weco, Noto Prabu ing Tasmiten, koco kang tanpa ancur, gawe eram ingkang ningali, pantes yen piniyoro, talatahing laut, ing tekad angoyaworo, jamang wastro
oyoting wong awewarti, netepi ing salöko. Gingsiring wulan purnama siddhi, bebayi sah kang saking tuntunan, graitanen sauntase, ingkang tumibeng luput, tambang palwo ingsun-wastani, parikan jenu towo, pan ojo katungkul, ing solah kang tanpo karyo, menyan kuning kang toyo saking jasmani, engeta kawirangan. Ing Ngajerak Papatih Nata Jin, pulas langking kang kinarya sastra, keksi-eksi wekasane, tanpo asil ing laku, sembahyange janmo minta sih, katrapaning manusa, dhendhaning Hyang Agung, tanpo kajating panyipto, yoso ranu Narendra Bojanagari, kumambang ing wiseso. Janmo wirya salendro jroning pring, dipun eling-eling wong ngagesang, ojo manggung mukti bae, dhuh babo jamang wakul, sekar pandan mawur kasilir, nadyan tedhaking Noto, sajagad winengku, barat gung mrataweng wreksa, jarot pisang ono mlarat ono sugih, wus kaprah ‘alam ndönyo. Putri Mandura kang nyamang kudi, ndyan trahing janmo sudro popo, lamun becik pamarahe, aji Noto Salyeku, puter alit ginantang nginggil, patut siro-anggowo, condongno ing kalbu, Wiku Raja ing Kusniya, Sarkap putro den gemi simpen wewadi, ywo kongsi kasamaran. Tawon agung kang atala siti, wikan nugraha wulang akherat, yen siranggo tutur kiye, nyuwargakken bopo biyung, nyarambahi mring kaki nini, salawase raharjo, mitra karuh lulut, yen keno godhaning setan, sapu gamping garwa Hyang Guru Pramesti, durgomo karyo sasar. Wideng galeng Kumbayana siwi tegese estri ayu utomo, pratondho serat pangrembe, cipto tyas tan kawetu, kang wus lepas graito lantip, nget-enget ing kawignyan, pangumbaring puyuh, anjajah saruning badan, jolo panjang suluke wayang kalithik, yen kaledhon ing tekad. Kenthang rambat gancaring wong ngringgit, tetelodho estri kang utomo, kang prayogo lelakone, singa lit munggeng kasur, kenyo putri Kartonegari, yen tan susileng priyo, pan kuciweng semu, dekunging sabdo tanogo, gugur parlu nöra batal ing wewadi, wong taklim sapodhonyo.
(Jayeng sastro = carik, teja panjang = kluwung, sinjang ageming priya = bebed, taji sawung = jalu, ganda pangusaping lati = lenga krawang, putran-dhenta = pratimo, ron aglar ing siti = uwuh, pelem agung kang galak gandanya = kuweni, kudho mijil ing Tamansari = Kalisahak, piring siti = cowek, sari tala = malam, dadaking ron = tlutuh,
kisma rempu = lebu, atmaja Jumiril = Umarmaya, Nata Prabu ing Tasmiten = Geniyoro, kaca kang tanpo ancur = ram, talatahing laut = muwara, jamang wastra = tepi, oyoting wong awewarti = kalöko, Gingsiring wulan purnama siddhi = grahono, bebayi sah kang saking tuntunan = puput, tambang palwa = welah, jenu towo = tungkul, menyan kuning = welirang, töyo saking jasmani = kringet, Ing Ngajerak Papatih Nata Jin = Sannasal, pulas langking kang kinarya sastra = mangsi, sembahyange janmo minto sih = salat hajat, katrapaning manusa = dhendho, yoso ranu = bale kambang, Narendra Bojanagari = Suryawisesa, janmo wiryo = mukti, salendrö njroning pring = suling, jamang wakul = wengku, sekar pandan mawur kasilir = pudhak, barat gung mrataweng wreksa = prahara, jarot pisang = serat, putri Manduro = Sumbodro, kang nyamang kudi = karah, aji Nata Salyeku = candrabirawa, puter alit ginantang nginggil = prekutut, Wiku Raja ing Kusniya = Bawadiman, Sarkap putra = Samardikaran, tawon agung kang atala siti = tutur, wikan nugroho wulang akherat = swargo, sapu gamping = usar, garwa Hyang Guru Pramesti = Batari Durgo, wideng galeng = yuyu, Kumbayana siwi = Aswatama, pratondho serat pangrembe = penget, cipto tyas tan kawetu = graito, pangumbaring puyuh = jajah, jolo panjang = krakad, suluke wayang kalithik = sendhon, kenthang rambat = telo, gancaring wong ngringgit = lakon, singa lit munggeng kasur = kucing, kenyo putri Kartonegari = Susilowati, dekunging sabdo tanogo = taklim, gugur parlu = batal)
Retna Dewi matur awot sari: “Saking dhawuh piwulang-paduko, muhung nuwun pangestune, mugi-mugi jinurung, badan-kulo bangkit nglampahi.”
Gathölöcö ngandiko: “Dhuh siro wong ayu, ayune ayu temenan, aywo kaget ingsun lilanono pamit, saiki ingsun lungo. Krono prelu kangen arso tilik, anak murid ing pondhok Cepekan, besuk bali mrene maneh. siro keri rahayu.”
Gathölöcö mangkat pribadhi, ing margo tan winarno.
Kacarito sampun, dumugi pondhok Cepekan, poro murid dupi miyat ingkang prapti, sukeng tyas kanti kurmat.
Gathölöcö praptanipun ing Cepekan pondhok santri, langkung sukaning wardoyo, aningali poro murid, samyo sanget kurmatiro, dumateng Sang Gurunadi. Nulyo minggah ing langgar gupuh, sesalaman genti-genti, riwusnya samyo salaman. Poro murid onilakrami: “Wilujeng rawuh-paduko.”
Gathölöcö anyauri: “Iyo saking pandongamu, ingsun ginanjar basuki. Sasuwene ingsun-tilar, siro kabeh anak murid, opo podho kawarasan?”
Santri murid awot sari: “Pangestu brekah-pukulun, palimarmaning Hyang Widdhi, sadoyo kawilujengan, maksih langgeng kados lami.”
Gathölöcö angandiko: “Kapriye wulangku nguni? Opo siro isih emut, sökur lamun öra lali,” aturnyo maksih kemutan.
“Kawulo sanget kapengin, nuwun mugi kasambungan, lajengipun kados pundi?”.
Gathölöcö alon muwus: “Panjalukmu sun-turuti, sireku aywo sumelang, ugo bakal sun-sambungi, lah moro podho rungokno, maniro tutur saiki.”
“Nugrahaning budi iku, saurano tri prakawis, cipto ning kang kaping pisan, panggraito kaping kalih, sang panyipto kaping tigo. Kanugrahaning roh kuwi.saurono iku telu, ono dene ingkang dhingin, urip tan kalawan nyowo, ingkang kaping kalih kuwi, ora angen-angen liyan, Allah kewolo kaping tri. Tan ono wöwöranipun, ingkang wahdati’lmujudi, nugrahan sakarat piro, saurano tri prakawis, kang dhingin adhepaniro, idep ingkang kaping kalih. Madhep ingkang kaping telu. Lamun siro den takoni, nugrahaning iman piro, saurono tri prakawis, sökur ingkang kaping pisan, tawakal ingkang ping kalih, sabar ingkang kaping telu. Piro nugrahaning töhid, saurono dwi prakoro, krono tetep ingkang dhingin, wedi kaping kalihiro, nugrahan ma’rifat jati. Siro sumauro gupuh, iku namun saprakawis, ono ing kahananiro, anenggih karso: rasaning, roso wiseso prayögo. Martabate kramat kuwi, mangretine ono telu, karem af’al poro mukmin, poro wali karem sifat, akarem dzat poro nabi, lire karem ing dzatu’llah, yo sok ono asihaning.
Ingkang karem sifat iku, ugo ono gumletheking, lire karem af’alu’llah, milo ono öbah ösik, yen sebit paningaliro, ening kabuko sayekti. Ing sifat jamal puniku, jamal kamal kahar nenggih, dumadine imaniro, sakbul gumletheking ati, dadine oleh sampurno, sampurnaning gesang nenggih. Martabate nyowo iku, lamun siro den takoni, kathahe namung satunggal, iyo iku roh idlafi, mung sawiji marganiro, tegese urip puniki.
Öra nono urip telu, ingkang mesti mung sawiji, lamun siro tinakonan, endi Allah ing saiki, iku nuli saurono, sopo ingkang ngucap kuwi. Ojo to sireku umyung, yen siro dudu Hyang Widdhi, yektine ingkang den ucap, kang ngucap tan liyan Widdhi, nanging kudu kawruhanono, ing panarimo sayekti. Ono ingkang nrimo iku, koyo töyo lawan siti, lawan ingkang koyo udan, opo dene koyo wesi, kalawan koyo samudro. Ingkang koyo lemah warih. Den rumesep tegesipun, öra pegat kang rohani, tegese kang koyo udan, datan pegat tingal-neki, ono maneh koyo tösan, sakarsaniro mrentahi. Ginaweyo arit wedung, petehl wadung kudi urik, öra öwah sifatiro, isih bae wujudneki, ingkang upomo samudro, pituduh ingkang prayogi. Puniku mestine antuk, ing ujar sakecap tuwin, ing laku satindak lawan, ameneng sogokan nenggih, lamun wis koyo samudro, öra öwah tingal-neki.
Siro andulu dinulu, öra nono tingal kalih, ora nono ucap tigo, dadi sampurno solating, weruh paraning sembahyang, weruh paraning ngabekti. Nyoto bener öra kusut, lan weruh paraning ösik, weruh paraning nengiro, weruh paraning miyarsi, weruh paraning pangucap, weruh paran ngadeg linggih, lan weruh paraning turu, weruh paraniro tangi, weruh paraning memangan, weruh paran nginum warih, weruh paran ambebuwang, weruh paran seneng nenggih. Weruh parang seneng nepsu, weruh paraning prihatin, weruh paran ngidul ngetan, mangalor mangulon kuwi, weruh paraning mangandhap, weruh paraning manginggil. Weruh paran tengah iku, weruh paraniro pinggir, weruh paraning palastro, weruh paraniro urip, weruh kabeh kang gumelar, kang gumreget kang kumelip. Tan samar weruh sadarum, anane sasmito iki, siro kabeh pömo-pömo. Anakingsun poro murid, sireku aywo sembrono, weruho rasaning tulis. Dene siro yen wis weruh, kekerono ingkang werit, aywo umyung pagerono, aywo sembarangan kuwi, nganggo dugo kiro-kiro, aywo dumeh biso angling. Lan maneh aywo kawetu, mring wong ahli syara’ nenggih, yen maidö temah köpar, karono rerasan iki, öra amicoro syara’, amung sajatining ‘ilmi. Ingkang renteng ingkang racut, tan ono kaetang malih, caritane soal iko, podho anggiten ing batin, dadi wijange sadoyo, siro ingkang ahli budi”

Tidak ada komentar:

Poskan Komentar